Garapane Kang Ujik
Sewang-Sewangan
Bengi iku, pesantren kaya arep duwe iwuh gedhi. Akeh santri hang melekan ambi becik-becik paran bain hang dianggep kurang pantes disawang. Hang cepak-cepak sepidhah udhud ya uwis padha rijig-rijig mesine, diungang bangsine, dirempelas busine aju dicacak mesine. Aja takon abane 10 sepidhah udhud muni bareng.
Serehne uwis mangkat dalu, para santri dikongkon ngaso, makene engko isuk subuh sing jelantukan. Paran maning aju ambi nyetir sepidhah udhud. Para santri aju padha melebu guthekane dhewek-dhewek. Ana hang damare uwis dipateni, ana uga hang magih murub.
Angin deres mobat-mabitaken godhonge uwit-witan. Ana abane empang hang sempal ring kadohan. Abane gerigis cicir edheng-edheng, ngganteni antere angin hang kala iku aju ilang gaur-gaure. Abane banyu kalen hang belabur sore magih anter. Paran maning gerojogan ring kedhung. Bengi iku Jelun saya sintru. Wis kaya adate, wayah-wayah kaya gedigu iku, Wak Guru Madsam Kodhim munggah ring langgar lanang, Nyai Wadi’ah munggah ring langgar wadon. Sembayang bengi iku dilakoni sakat magih lancing perawane. Paran maning aju duwe santri. Saya kenceng ulihe njungkung nong Pengeran. Ndongakaken keluwargane, santri-santri lan kabeh keluwargane santri.
Ngarepaken subuh, siji, loro, telu santri padha munggah langgar. Marek-marekaken ring wayah adan, langgar uwis kebek santri. Semono uga ring langgar wadon uga uwis kebek. Padha ngerandhu sembahyang subuh ambi kored-kored wektu tahajjud. Ana hang uwis wiridan sak dawan-dawan.
Lamat-lamat abane uwong adan teka corong mesjid Jelun, Hamid mopol adan. Suwarane anter lan dawa. Sedurunge komat, para santri lan Wak Guru Madsam Kodhim sembayang sunat kobliyah rong salam-rong salam aju maca: ”Subanallohi wabihamdihi-subhanalllohil’adzhim astaghfirulloh…” ambal satus, disambung maca “Ya hayyu yaa Qoyyum birohmatika astaghiis…” ambal satus lan pungkasan padha maca ”Yaa Qowiyyu yaa matiinu ikfii syarroddzoolimiin…” uga ambal satus. Mari padha meneng sedhela, Hamid mopol komat. Ngepasi qunut, lamat-lamat ana abane sepidhah udhud. Nana hang melingun merga padha husuk
Wak Guru Madsam kadhung wirid mula dawa. Santri-santrine nana hang wani mingser sedurunge salam-salaman. Serta langit bucu wetan katon rantag, iyane mimpin donga aju dipungkasi salam-salaman.
“Lare-lare hang nggawa sepidhah udhud langsunga bain mudhun nyang terminal Brawijaya Karangente!” abane Wak Guru Madsam. Para santri hang ditugasi nggawa sepidhah udhud, gancang nuntun sepidhah udhude, gonceng-goncengan siji lan sijine.
“Hulung, Cok… lawang kamarisun kaya meringis sithik ya….!” Abane Halilik.
“Halah…ayo wis…maninge kadhung ana maling melebu, arep nyolong paran? Paling sikatira hang uwis mberodhol senare iku,” semaure Salamun hang uwis ngunekaken sepidhah udhude aju edheng-edheng ninggalaken pondhokan, nututi kanca-kancane hang uwis melaku sulung. Rombongan sepidhah udhud santri lanang iku ketemu ambi montor buntung hang nguwot santri-santri wadon, ngepasi ring ngarepe kantor camat Glagah. Santri-santri lanang kaya ambi golet alem, isuk-isuk memengan gas ambi meligak-meligukaken sepidhah udhude ring ngarepe montor buntung.
Ngetan-ngetanaken, sunare serngenge saya nyorot rombongan santri Jelun hang labuh perintah guru.
“Ri, Sumari…ambi tulih-tuliha kiwa – tengen nawi papasan ambi Kang Amet!” perintahe Idroki ning Sumari hang digonceng.
“Kang Amet iku hang endiyan sih uwonge?” takon Sumari.
“Ye… dadi Rika durung weruh uwonge?”
“Durung!”
“Papasana ya sing weruh yoh?”
“Iyok…!”
Sing kerasa, rombongan uwis gadug perapatan Cungking, biluk nengen sampek gadug terminal Brawijaya. Kabeh sepidhah udhud lan montor buntung padha melebu ring terminal. Nganteni tekane bis hang ditunggangi Selamet.
“Byek, kari elom weteng yah!” abane Suleman panu hang saben isuk mula kudu sarapan. Nalika iku sunare serngenge uwis kerasa panas.
“Pak, jam pinten sak niki?” takone Rido’i ning kernet bis.
“Emeh jam sanga wis…!” semaure kernet bis iku mau ambi ngungang arlojine.
“Magih ana bis teka tah Pak?”
“Ya engko mari bedhug. Bis bengi hang teka Surabaya gadug subuh mau wis. Iku bise!” abane kernet bis ambi nduding bis Jawa Indah hang parkir ring bucu wetan kidul ngisore uwit waru.
“Alak….! Kasep……Kesuwun, Pak!” jare Halilik ning kernet bis.
“He kanca-kanca, ayo balik wis…!” ejak Salamun.
“Hang rombongan montor buntung warahen pisan!” jare Sumari.
“Ya ayuk diomongi bareng-bareng!” ajake Idroki.
Rombongan sepidhah udhud iku marek nyang montor hang isine santri-santri wadon. Mari gesah sedhela, aju padha balik nyang pondhokan.
(Ana terusane)