Garapane Kang Ujik
Kang Amet sing weruh jawane kadhung para santri bingung ulihe mapag ring terminal Brawijaya. Adate mari subuhan diterusaken ngaji sorogan, dipungkasi kelawan sembayang sunat duha. Isuk iku sing dilakoni merga emeh kabeh santri diperentah mapag Kang Amet. Sing weruha, jare Kang Amet teka terminal nunut sepidhah udhude kancane SMA bengen hang umahe ring Licin. Arane Gojalik Cuwut. Gadug Jelun nalikane uwong-uwong padha sembayang Subuh: “Isun melebu ring salah sijine kamar santri, subuhan ring kono aju nggelethak ngeluk boyog. Ngelilire ya nalika ana sunare serngenge nyorot ring awakisun. Kerasa anget, aju ngelilir lan gancang-gancang melebu pawon ya aju sarapan saiki iki!” cerita Kang Amet ambi kebengoren. Wangune Nyai Wadiyah olah sega tempong.
“Sira iki dadi bingunge uwong akeh,” jare Wak Guru Madsam.
“Sapa ngongkon?”
“Apake wis kadhung merentah santri-santri gedhi, supaya mapag tekanira ring terminal Brawijaya,” abane emake.
“Ya masa ngerti, weruha gedigu ya Sun anteni ring terminal mau. Bis hang Sun tunggangi, gadug terminal ngepasi kurok Subuh. Nalika mudhun teka bis ana Gojalik Cuwut iku, ngateraken kakange hang arep menyang Surabaya. Ya ketepakan wis, Isun nunut mulih,” ceritane Kang Amet.
“Setemene apakira iki hang kayalen. Pungkasane nyiksa lare santri,” abane Nyai Wadiyah ambi rada ngersula. Wak Guru Madsam methuthur, arep mbantah sungkan ning anake hang buru teka. Nyatane mula kaya gedigu, sangking kemerungsung, atine apake keliwat seneng ana anake teka. Cumpu luput. Lan maning, Kang Amet mula sing dhemen awake dilebih-lebihaken.
“Mari sembayang bedhug, Isun nak mudhun nyang kutha, Mak!”
“Ngelempuha sulung apuwa yoh….!”
“Kari sing keneng disemayani iku, sak endi pentinge?” takon Wak Guru Madsam.
“Penting sing penting, Pak. Wis kadhung semayanan ambi kanca-kanca hang padha lulus kuliyah teka Surabaya. Ana hang teka ITS, Universitas Airlangga, IKIP Surabaya, Universitas Surabaya, Universitas Wijaya Kusuma Surabaya, UNTAG, Universitas Dr. Soetomo [UNITOMO] lan liya-liyane. Kanca-kanca uwis duwe rencana, kelendi carane ilmune bisa mampaat kanggo masarakat Banyuwangi,” abane Kang Amet.
Emak lan apake ngerungokaken ambi kethip-kethip, cangkeme rada mangap. Wangune, angen-angene Wak Guru Madsam luput.
“Sira sing mikiraken urip umah-umah tah?” takon Emake ngagetaken. Pantese bain omongane anake sakat mau sing dirungokaken.
“Mak…Ndika adoh-adoh nguliyahaken Isun ning Surabaya, makene dadi lare hang nduweni ilmu dhuwur, durung bisa ngamalaken ilmune uwis kudu umah-umah. Sing melaku, Mak. Isun sak kancaan duwe ancang-ancang nulungi pemerintah kanggo ngunggahaken kesejahteraane masarakat. Sing mung ngenengi masalah sandhang, pangan lan papan. Naming kelendi kesadharan masarakat munggah ning bab mental lan spirituwal,” semaure Kang Amet.
Emak-apake katon saya mumet. Nalika iku sing mung kethip-kethip, naming merem-merem kaya turune pitik. “Perkara mulang ring pondhok, Isun bisa mbantu-mbantu mbahas kitab Ihya’ulumuddin, Nashoihul Ibad lan Bulughulmarom. Wis, saben mari subuhan dina Senen, Rebo lan Jemuwah,” sambung Kang Amet.
“Kadhung gedigu, paran jare Sira wis, Met!” abane Apake.
“Ya…kadhung uwis kepingin umah-umah, ngomong ning emake bain yah!” jare Emake. Wak Guru Madsam melerok ning Nyai Wadiyah.
“Kari kemerek mantu yah!” gerundeng Wak Guru Madsam.
“Wis Mak, Pak, Isun nak etap-etap kamar sulung!” jare Kang Amet ambi melebu ring kamare dhewek hang selawase ditinggal kuliyah, nana hang wani melebu ring kamar iku. Buru bain Kang Amet melebu kamar, njumbul Sanati ambi gacar-gacar.
“Wak, kaya ana abane Kang Amet gesah kene mau?” takon Sanati ambi katon girang.
“Kakangira magih rijig-rijig kamare!”
“Makene Isun bain hang rijig-rijig wis!” abane Sanati ambi njangkah arep ning kamare Kang Amet.
“E,e,e…aja diserintungi. Sira sing ngerti karepe. Engko tah Kakange muring!” cegah Wak Guru Madsam. Sanati wurung njangkah.
“Nawi ana celana-celana lan kelambine Kang Amet hang kotor, Sun umbahaken Wak!”
“Iya engko kadhung ana, Ti. Saiki ayo tulungana uwake ngundhuh terong, kacang lanjaran lan methiki godhong bayem!” Ajake Nyai Wadiyah.
Sing kathik semaur, kaya adate Sanati nyandhak tenong aju gancang digawa nyang kebonane pondhokan. Wak Guru Madsam mangkat mangan sega tempong.