Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 16 Agustus 2026 06:16 WIB)
(Roncean Cerita) Yani lan Yuni, bagiyan 1
Garapane Lirix Al Harir
Serngenge rantag mbarengi manuk-manuk hang padha seliweran miber nggawa tembang kekarepan hang rampag. Donyane njenggirat ngateraken lakune jalma nggolet penguripan dina iki. Ana ati nganten-anteni, hang wujud ring uni bengi sak jerone ngipi. HP dicekel, dipandengi, nawi-nawi hang nilpun kudangane ati.
Ahmad Yani hang sedina-dina diceluk Yani iku, wis sak ulan kecaruk lare wadon aju gathuk, ulihe adhuk-adhuk lan nguntuk-untuk ring pesbuk, atine Yani kaya ngelamuk muluk.
Rasane ati wis sing kanti, nganten-anteni tilpune Yuni. Yani wira-wiri hape disawangi, jembung cingkire njaluk dikorahi, bingung atine njaluk ditambani. Arep nilpun sulung sing juwari lan sing wani, wedi nawi Yuni repot ana hang ditandangi, saingga lali gok iyane duwe janji. Yani sing kanji lan sing cilik ati, terus bain ngarep-arep wangi kembang melathi.
Sedhengku meluk dhengkul, ambi temungkul tekate Yani magih wungkul, ngerandhu tilpune Yuni njumbul. Jebul Yuni salsul ana hang digawe sampe ketungkul, taping Yani sing tau ngambul.
Wahyuni, hang diceluk Yuni, lare wadon hang gumati, randha anak siji umahe ring Sukojati, hang saiki dadi tekawe ring Taiwan kira-kira setaun enem ulan. Larene ayu taping sing kemayu, kulitane kuning langsat, awake kesat megawene giyat.
Yuni minggat merga lakine kakeyan sereyat, saben dina mung maksiyat, lakune bejat, anak lan rabine ditinggal lokat, nanggung werat sing diuweni ragat, dinasehati magih sing gelem tobat, malah saya mendem sampek sekarat, merga kuwalat ring anak rabine, pungkasane Iyane kendhat, aju modar diujuraken ring ngisor welangat.
“Sepurane Kang, mau isuk sing bisa tilpun Rika, embahe rewel sing keneng ditinggal,” Yuni nilpun Yani kira-kira jam sewelas.
“Alhamdulillah Dhik, atinisun lega rungu suwaranrika, sing paran-paran Dhik, arane bain megawe milu uwong, sing bisa sak enake dhewek. Muga bain mbesuk mulih bisa dadi juragan Dhik. Aamiin,“ atine Yani seru senenge njawab tilpune Yuni.
“Aamiin. Muga keruturutan Kang,“ abane Yuni.
“Kang, Kakang. Isun takon tulung jawaben hang gancang lan gamblang. Kadhung Rika mula wong lanang, paran mergane Rika ring Isun kebimbang, ngomonga bain terus terang, gena ati iki bisa Sun jemblang,” Yuni nakoni Yani.
Yani hang wis mula kasmaran iku njawab terang-terangan, “Dhik, Adhik. Widadari hang Sun jangka. Isun welas nyang Rika sing ana kerana, mung ana rasa hang mara-mara teka, sing Sun sangka-sangka lan sing Sun paeka. Ati mawa bisa nyandhing mungga-mungganeya.“
Lare loro iku saben dina sing ana putus-putuse ulihe tilpunan. Nyambung rasa hang tambah kasmaran, kaya-kaya sing bisa pisahan, kejaba mung kadhung dipendhem ring kuburan.
“Kang, sepurane, atinisun lagi bingung iki Kang. Kelendi ya, arep ngomong sing juwari,” siji dina Yuni nilpun Yani.
“Ngomonga Dhik, aja isin-isin, nawi tah Isun bisa nulung Rika,” jawabe Yani.
Yuni hang mula kepepet iku aju cerita, “Gedigi Kang, Santi anakisun wayahe melebu SD, butuh biaya sakjuta setengah, Isun magih durung bayaran, arep njuwut tabunganisun ring bank magih sing bisa metu, nawi Rika duwe simpenan Kang, Isun talangana sulung Kang, engko kadhung wis bayaran Sun siluri. Kadhung Rika sing duwe ya sing paran-paran Kang, aja dilebokaken ring ati ya Kang.“
“Ye gedigu tah Dhik, Alhamdulillah aja sumelang Dhik, insya Allah Isun ana simpenan. Picis iki aju Sun transper ring sapa Dhik?” Yani nyanggupi karepe Yuni.
“Isun biyasahe transper ring misanisun Kang, taping saiki Iyane magih menyang , dadi sing bisa Kang. Enake Rika bain hang langsung nyang umahisun nguwekaken picise ring emak, idhep-idhep kenalan ambi calon mertuwa Kang. Hehehe. Rika wani Kang?” Yuni nggudha Yani.
“Ya seru wanine Dhik. Iya wis Dhik Isun njaluk alamate. Dina iku uga Isun ning umahrika, itung-itung kenalan ambi calon mertuwa. Hahaha,“ saiki ganti Yani hang nggudha Yuni.
“Iku Kang alamate wis Suntulis ring chat, pokok kidule masjid takona aran Yuni hang dadi tekawe, wong kono wis weruh kabeh Kang. Rika berangkat, engko Dun tilpun emak, warah gok Rika arep ring umah,“ Yuni nguweni alamat umahe hang ring Sukojati.
Ambi nggawa picis sakjuta setengah, Yani numpak sepidhah udhute mara nyang umahe Yuni. Sepidhah udhute hang mula sing ana pelayune, sing nggawe atine Yani cemple.
Sing sara nggoleti umahe Yuni, lawange wis njemblang, emak bapake lan anake Yuni wis ngerandhu ana ring ngarepan, wis sing serantan ulihe ngerandhu, kepingin ketemu calon mantu.
“Assalamualaikum,” Yani uluk salam.
“Wa’alaikumussalam warahmatullahi wabarokatuh. Melebuwa Lik !“ Bik Rohani lan Man Sanusi njawab bareng salame Yani.
“Kula Yani, rencange Dhik Yuni,“ Yani ngenalaken awake ring emak bapake Yuni.
Ambi mesem Man Sanusi nyalami Yani, “Hem, iya Lik, mau Yuni wis tilpun ngabari gok Sira arep merene.”
Yani uga nyalami Bik Rohani lan Santi, aju lungguh. Santi hang buru lulus TK iku enak bain pangku ambi mawa ring Yani, kaya-kaya wis kenal suwi. Yani ngelus-ngelus rambute Santi, ana rasa sekaken merga sakat cilik lare iki sing tau ngerasakaken welas teka emak bapake kaya kanca-kanca liyane.
(ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.