Garapane Lirix Al Harir

Ana salah siji berayane Yani hang dadi perawat, maju meriksa Yuni hang wis sing bisa gelawat. Ambekane dirungokaken, jantunge dirasakaken, ambi dhileg-dhileg perawat iku ngucap, “Innaa lillaahi wainnaa ilaihi Raaji’un, Yuni wis mulih ring pangkuwane Hang  Mahaduwe.” 

Kaya ana gendura hang nyamber, jerite uwong-uwong tambah anter, Santi nangis tambah kepiyer, Bik Rohani, Man Sanusi, adik wadone Yuni, uga Yani, kabeh padha temebluk kelenger. Banjir banyu mata kaya segara, perahara teka sing disangka-sangka, buru kumpul sak ulan ambi beraya, akhire kudu pisah ngadhep Hang Mahakuwasa. Limang taun welas dironce, dina iki wis bisa digape, cemeng kopine, pungkasane perahara teka sing ana hang bisa nyegah paran karepe. Ewuh hang mulane kanggo walimahan, saikine beraya lan tangga teparo padha tahlilan. 

“Laa ilaaha illallooh, Laa ilaaha illallooh, Laa ilaaha illallooh, Muhammadur rosuulullooh,” mayite Yuni hang wis mari disembayangaken digawa metu aju dikubur ring tanah kosong hang ana ring ngarep umahe. Tanah iku duwene Yuni, hang dituku setaun kepungkur, sing weruha sak iki dadi panggon Iyane dikubur. Bapak emake, lan adik-adike Yuni mupakat jasade Yuni dikubur ring tanah iku kanggo wirayat. Saikine tanah hang dituku ulihe adoh megawe, dadi umah sejatine, kanggo selawase, ninggalaken anake, emak bapake, adhik-adhike, lan donya bandane. Yuni saiki wis anteng, turu dhewek ring panggon hang limeng cumpleng. Santi, anak wadone, singset meluk paesan nangis geruh-geruh sing meneng-meneng. Embah lan anange ana ring kiwa tengene, meluk Santi ambi mesesegen, iluhe deres mili sing keneng dibebeng. 

   Yani magih sing percaya, lare hang dipuja-puja, dadi sigarane nyawa, ngarep-ngarep urip bareng nggarit cerita ring dunya, dironce siji-siji dadiya dheretan endah gurit asmara, taping saiki wis beda cerita, Yuni lare desa hang sing tau neka-neka, saikine wis sing ana, ngadhep Hang Mahakuwasa, ninggalaken ati keranta-ranta, kelaran ring dhadha kaya-kaya sing kuwat nyangga. 

   Yani nyiram banyu kembang ring kuburan rabine, muga ulih ridhane Pengeran iku dongane, gancanga bisa kumpul maning ring aherate.  

   Yani ngadek ambi melung, “Kadhung welas sing bisa mbalekaken Rika ring Isun dina iki, insya Alloh ring penguripan hang arep teka welas iku bisa dadi siji”.

   Yani mara-mara nyereb, endhase nyungseb, temanceb keceleb ring gundhukan lemah hang magih dieleb, awake kerasa anyeb. Kepileng wis kepileng, Yani sing bisa maning nangis ketheng, nyawane ilang wis campleng. 

   Tangis hang mau durung kalis, ati giris wis tipis tambah ngempis, rasane kaya diiris-iris. Durung asat banyu mata hang mau deres, saikine maning-maning dipeksa metu kaya diperes. Rasa susah hang magih merekes dada, tambah maning dadi keranta-ranta. Tangise beraya lan tangga wis sing kira-kira, sing nyangka Yani kari akas ulihe nyusul wong hang dipuja, sing ngira mung cukup semene uripe ana ring donya.

    Dina iku uga mayite Yani dipendhem ana ring sandhing kuburane Yuni. Penganten anyar hang kudune nyandhing ring kuwadhe, saikine mung bisa semujung bareng ana ring njero kuburane. Yani lan Yuni, siji maning cerita ngenes pasangan asmara, hang welase sing pedhot sampek mati tetep digawa.

    Ring antarane kuburan loro, dipasang papan tulisan kanggo ngenget-enget, welas hang lawas diempet, kari-kari kecaruk mung saknyet,  taping welase tetep jangget rapet.

    “Yani lan Yuni - ring kene dikubur pasangan penganten anyar, kebyar-kebyar welase sekar, mekar gandane ambyar, mandar ulih dalan hang gemebyar, lan panggon hang jembar. Yani lan Yuni saiki wis dadi siji ring pangkuwan Hang gawe pati.”

   Berayane hang teka nggawa  Yani seger meger-meger, kari-kari mulih mung nggawa aran hang saiki selawase turu mejengker. 

    Santi, emak lan bapak, uga adhik-adhike Yuni, saben dina mung bisa nyawang kuburan. Panas setaun dikepusi mung sedina udan, pisah pitung taun mung bisa kumpul sak ulan. 

    Dhuh Gusti, kabeh iki wis dadi pasthi. 

 

Banyuwangi; 22 Maret 2023 / 1 Ramadhan 1444