Ancak Lan Endhog-Endhogan ring Masjid Baiturrahiem Rogojampi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 26 Agustus 2026 06:48 WIB)
- Laporan
Tepak tanggal 12 Rabiul Awal 1448 H. utawa Rebo, 25 Agustus 2026, digelar teradhisi Muludan kanggo mengeti laire Nabi Muhammad SAW kelawan rasa teradhisional.
Masarakat nggawa ancak berkat hang digawe teka gedebog lan endhog hang ditaleni ring katike kembang-kembangan kertas.
Ketua Takmir Masjid Baiturrahiem Rogojampi, Dr. H. Lukman Hakim, S. Ag., M. HI, nyampekaken teradhisi apik hang wis diperujukaken para leluhur ulama Banyuwangi, kaitung nyugihi budaya Nusantara.
“Hang katon, remaja masjid nyaring renggaan hang arupa barong, ogoh-ogoh utawa patung kaya berhala, kanggo njaga tauhide. Hususe hang mesthi ana salawatan, berjanji, asrokolan!” jare Lukman Hakim hang uga rektor Universitas Islam Ibrahimy Banyuwangi iki.
Seteruse, intine kene kudu niru lan nuladani abdine Alloh hang paling apik saklawase jaman iki.
Salah siji panitiya, M. Fahris, S. Pd, nyampekaken: "Kene nyiyapaken 300 paket berkat, kabeh ulih, kelebu lare-lare. Ana kembang endhog sewu, dadi kabeh padha girang lan seneng ngartekaken laire Rasulullah hang kene welasi lan hang kene randhu," jare Pembina PMR lan UKS SMPN 3 Rogojampi.
Sedheng salah siji jamaah, Ahmad Cacuk Zuhri, ngungkapaken para jamaah hang teka iki akeh hang teka njaba kutha, kaya Bali lan Madura, kanggo ngiling-iling muludan kaya jaman cilikane bengen, kaya wong mulih kampung tepak Lebaran. “Alhamdulillah ulih berkat sega lan jajan dhemenane wong wadon," jare kang Ahmad.
Adat Banyuwangi endhog-endhogan dikenalaken ambi ruwahe Kiyai Abdullah Faqih, Cemoro, Songgon. Endhog hang dihiyas renggaan kertas kembang werna-werni lan ditancebaken ring gedebog gedhang iku ring Banyuwangi dadi dhemenane lare-lare tepak Muludan. Endhog hang telung lapis, kulite, putihe lan kuninge dilambangaken teka Islam, Iman lan Ihsan. KH Faqih dhewek wis dadi pengurus PBNU sakdurunge Indonesia merdheka.
Acara selametan iku dipungkasi donga dipimpin ring Imam Besar Masjid, KH Hayatudin, kelawan pangarep-arep muga-muga dadi abdi hang soleh, hang mbisuk diakoni dadi umate Rasulullah Muhammad SAW. Lan dikarepaken maneka werna masalah sosial lan ekonomi diwani solusi hang paling apik, terusa seger lan nduweni umur hang barokah, mbisuke mulih nang pangkone Illahi Robbi kelawan kahanan husnul hotimah.
(Aguk Wahyu Nuryadi)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.