Kelendi usahane wong kadhung ngadhepi wayah ketiga hang dawa? Mantu kucing bain, jare wong Banyuwangi kidulan.
Masarakat desa Grajagan, kecamatan Purwoharjo duwe cara lan teradhisi dhewek minangka usaha njaluk udan makene gancang mudhun merga kahanane wis garing suwi.
Dina Rebo (18 Nop) nganakaken ritual mantu kucing. Sesepuh Mbah Meseman ngomong ritual mantu kucing iki wis dilakoni warga masarakat Grajagan sakat jaman bengen lan diwarisaken turun-temurun.
Teradhisi hang bisa diarani unik iki dilakoni minangka wujud ihtiar masarakat kanggo njaluk udan nyang Gusti Alloh Kang Maha Kuwasa.
Warga nduweni pangarepan, kelawan anane ritual warisan leluhur iki, udan bisa gancang mudhun ring panggonan kono saengga kahanan alam bisa balik apik kaya sedurunge.
Nalika dilakoni, ritual mantu kucing iki digelar kaya dene tata cara mantu menungsa.
Rong kucing dicarukaken, aju ngelakoni perosesi hang dadi bageyan teka teradhisi masarakat kono.
Kepala Desa Grajagan, Supriyono, ngomong gok teradhisi ritual mantu kucing iki dipiloni warga sakubengan desa kono. Warga padha milu cawe-cawe lan nyaksekaken lakune prosesi ritual hang dianakaken minangka wujud ihtiyar masarakat kanggo njaluk udan mudhun.
Warga katon girang ngetutaken saben lakune teradhisi warisan leluhur iku. Kahanane ring kono katon rame naming tetep ebek nilai budaya hang diwarisaken ring para leluhur.
Kanggo masarakat kono, mantu kucing dudu mung sukur kegiyatan seremonial, naming minangka kegiyatan hang wis dilakoni turun-temurun.
Babinsa Desa Grajagan, Serma Suhadi, nambahi kadhung teradhisi iki uga dadi wujud kearifan lokal hang magih dijaga lan diuri-uri ring masarakat Desa Grajagan.
Masiya gedigu, warga tetep nduweni pangarepan supaya udan bisa gancang mudhun, saengga kebutuhan banyu kanggo urip saben dina uga kegiyatan tetanen bisa kecukupan.
(Aguk Wahyu Nuryadi)