Laporane Jamil Segara
Ustad Andi Hidayat asal Rogojampi ngengetaken saiki jaman wis uwah, kelebu nong sair lagu-lagune, dadi kudu omes ngengetaken nang anak.
Kadhung bengen ana musibah ring gandrung ana lagune "Tangar-tangara kang teliti maca tingkahe donya, mareka nyang Pengeran", jare Ustad Andi ambi gendhingan.
Anak-anak kita kudu dijaga lan disangoni ilmu hang manpaat makene hing kepilu, jare Ustad hang bapak lan emake dadi lurah ring Rogojampi.
Ustad Andi nggawe guyu 300an wong hang teka ring iwuh Muludan hang dianakaken Ikawangi Korwil Depok dina Minggu 8 Nop sore.
Kapan kepingin melebu suwarga lan ulih berkah ya aja ngadoh teka Hang Kuwasa, tambahe Ustad Andi hang lulusan UIN Yogya iki. Carane niru paran bain hang dilakoni Nabi Muhammad SAW lan uga ngelakoni sunnah-sunnahe Kanjeng Nabi.
Dene saiki akeh lagu-lagu hang isine rada saru. Umpamane ring Banyuwangi ana lagu hang isine arep nyelang rabine wong seminggu, kadhung enak diterusaken, kadhung sing dibalekaken.
Iwuh Muludan iki saben taun dianakaken Ikawangi korwil Depok, saiki keitung hang wis kaping telu sakat ketuane dicekel H. Anshori. Taun sore nekakaken Ustadz Abdul Goffar.
Sore iku iwuhe ditekani Camat Tapos Drs. Jarkasih, M.Si lan Lurah Sukatani David Eko Purnomo, S.H. M.Si.
Teka Ikawangi Pusat ana Pak Bambang Sugiyono (ketua dhongkol), Wakil ketua Pak Sujiono lan Bu Titik Setiowati (hang uga ngerangkep dadi ketua Ikawangi Jakarta Selatan), bendahara Bu Vero lan Bu Titin Iriani, Ketua korwil Bogor Pak Pujiharto, Ketua Korwil Jakarta Pusat Pak Agus Hendro, Ketua Korwil Jakarta Utara Pak Purnomo, Ketua pokmas Magenta hang uga Humas Ikawangi Pusat Kang Prasetyadi.
Anggota Ikawangi teka korwil lan pokmas akeh katon pisan, seliyane korwil Depok, umpamane Jakarta Timur, Jakarta Pusat, Jakarta Selatan, Jakarta Utara, Tangerang Raya, Tangerang Selatan lan Bogor.
Pak Bambang Sugiyono hang saiki dadi Pembina makili Ketum Ikawangi Pusat Pak Rusdi Maksum hang alangan teka, ngomong iyane girang merga kabeh Korwil wis aktip anggone nganakaken kegiyatan kelebu Muludan ring Depok iki.