Dina Minggu engkisuk (1/11), Sengker Kuwung Belambangan (SKB) arep nggelar iwuh Nguri-Uri Sastera, Ngerumat Budaya ring Perpustakaan Untag Banyuwangi.
    Ring antarane acarane ana Donga merga SKB taun iki nampa Anugerah Sutasoma kategori komunitas sastra.
   Paran iku Anugerah Sutasoma lan sapa bain hang tau nampa ring Banyuwangi?
    Anugerah Sutasoma iku penghargaan sastra taunan hang dianakaken ambi Balai Bahasa Propinsi Jawa Timur. BBJT wis nganakaken penghargaan iki sakat taun 2009, taun iki wis nggadug hang kaping 18. Tujuwane yaiku minangka wujud apresiasi kanggo para sastrawan, penulis, guru, lan komunitas hang mituhu lan duwe wigati ring pengembangan sastra Indonesia lan dhaerah ring Jawa Timur.
   Ana 30 Badan Bahasa sak Indonesia lan lebih teka 15 hang ngewani penghargaan ring donya sastera. Naming merga masalah anggaran, saiki mung kari BBJT siji-sijine Balai Bahasa hang magih ajeg ngewani penghargaan taunan iku.
   Arane Sutasoma dijuwut teka mahakarya pujangga jaman Majapahit, Kakawin Sutasoma karyane Mpu Tantular, ring jero kakawin iku ana semboyan Bhinneka Tunggal Ika.
   Nganggo aran Sutasoma ring penghargaan sastra iki uga ngemu kekarepan, sastera ring Jawa Timur tetepa bisa merujuk lan mekar, aju para pengarange bisa ngelairaken karya-karya hang paling apik makene bisa terus diwaca, diapresiasi lan dadi inspirasi kanggo masarakat, jare panitiya Sutasoma ring bukune Anugerah Sutasoma.
  Saben taun dielungaken kanggo ring pitung kategori:
1. Sastrawan hang berdedikasi
2. Karya Sastra Indonesia hang paling apik
3. Karya Sastra Daerah hang paling apik
4. Komunitas Sastra hang paling apik
5. Esai/Kritik Sastra hang paling apik
6. Guru Bahasa lan Sastra Indonesia hang berdedikasi
7. Guru Bahasa lan Sastra Daerah hang berdedikasi
   Masiya, tujuwane dudu kompetisi naming lebih nang apresiasi. Panitiya lan dewa juri hang diketuai Prof. Djoko Saryono teka UNM, saben taun ngelumpukaken informasi kanggo nggoleti wong-wong lan komunitas hang aktip, lan uga nampa usulan teka masarakat. Dene masalah komunitas sastra, Jawa Timur iki duwe paling using 33 komunitas, paling akeh sak Indonesia.
   Seperene Banyuwangi wis nampa pirangane anugerah kanggo pirangane kategori:
1. Kategori Komunitas Sastra:
A. Pusat Studi Budaya Banyuwangi (2011)
B. Sengker Kuwung Belambangan (2026)
2. Kategori Guru Bahasa dan Sastra Daerah:
Supono (2017)
3. Kategori Guru Bahasa dan Sastra Indonesia: Suyanto (2014)
4. Kategori Karya Sastra Indonesia: Mawar Gandrung (Iqbal Baraas, 2018)
5. Kategori Sastrawan: Hasnan Singodimayan (2020)
6. Kategori Karya Sastra Daerah: Ontrang-Ontrang Langit Payaman (Abdullah Fauzi, 2025)

   Ambekaneya penghargaan iku dudu tujuwan, para sasterawan, komunitas sastera lan guru-guru ring Banyuwangi nduweni kesempatan bisa ulih Anugerah Sutasoma.
   Mula hang lebih penting, hususe kanggo Banyuwangi lan basa Using, kelendi bisaa karya teka Banyuwangi jumbul lebih akeh lan saya njejegaken basa Using. Kadhung dudu awak dhewek, sapa maning?