Iwuh Gedhe Sastera Using
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 November 2025 07:52 WIB)
- Dari Redaksi
Iwuh Gedhe Sastera Using
Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) arep nggelar Iwuh Gedhe Sastera Using ring kantor Kecamatan Banyuwangi, hang selat lurung ambi kantor DPRD Banyuwangi.
Acara hang arep digelar tanggal 30 Nopember 2025 jam 8 isuk iki kelebu nggesahaken rong karya hang wis tau menang ring penghargaan karya sastra nganggo basa dhaerah.
Hang sepisan novel Agul-Agul Belambangan karyane Moh. Syaiful hang menang Hadiah Sastra Rancage taun 2017 ring kategori basa Jawa. Rancage nduwe kategori pirangane basa dhaerah kayata basa Sunda, basa Lampung, basa Batak, basa Banjar, basa Medura lan basa Bali. Karya basa Using dilebokaken ring basa Jawa merga panitiyane nganggo rujukan Pergub taun 2014 hang masthekaken basa hang diajaraken ring sekolah-sekolah ring Jawa Timur iku mung basa Jawa lan Medura.
Novel iki arep dibedhah ring Elvin Hendratha dene pembandhinge Mas Aji Ramawidi.
Hang sijine yaiku Ontrang-Ontrang Langit Payaman, diterbitaken bareng Dispusip ambi SKB, ditulis ring Kang Ujik. Abdullah Fauzi utawa Kang Ujik iki uga wong hang kawitan nulis novel basa Using Pereng Puthuk Giri sak uwise ana pelanggeran masalah Ejaan ring basa Using. Novel Ontrang-Ontrang iki buru bain ulih Anugerah Sutasoma teka Balai Bahasa Jawa Timur minangka karya sastra terbaik hang nganggo basa dhaerah.
Novel anyar iki arep dibedhah ambi dosen Untag Muttafaqur Rohmah lan pembandhinge Kang Hasan Basri hang uga Ketua Dewan Kesenian Blambangan.
Seliyane iku SKB bareng Dispusip arep meleciraken antologi cerita cendhek basa Using 2025 hang nduweni judhul Leroban.
Buku iki ditulis 23 penulis basa Using kelebu lare SD, SMP lan SMA.
Lalare sekolahan iki setemene dudu wong anyar ring donya sastera Using. Rata-rata tau dadi juwara nulis ring Festival Literasi Using lan tau milu Kemah Cerpen hang dianakaken Balai Bahasa Jawa Timur ring Surabaya.
Ring iwuh iki uga arep dibagekaken minangka hadhiyah lawang (door prize) kanggo wong hang milu teka yaiku novel Agul-Agul Belambangan, Ontrang-Ontrang Langit Payaman, kumpulan cerita cendhek Mulih lan kumpulan kolom Juger-Juger Basa Using.
Kelawan digelare iwuh iki, mandar muga bisa saya nggawe sastera Using kemeromong lan njaga urube semangat generasi mbisuk kanggo tetep nguri-uri basa warisane embah buyut.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.