Kadhangane wong nulis iku kebagleg mandheg, hing weruh paran hang kudu ditulis sakteruse. Ring jaman saiki, aja kuwatir maning.
Jare Moh. Syaiful, salah siji narasumber ring Gesah Cerita Cendhek Using hang digelar Sengker Kuwung Belambangan (SKB) ring perpustakaan Untag, jaman saiki kudune wis hing ana maning merga saben wong wis nyekel hape.
"Ana Akal Imitasi (AI)", tegese Syaiful hang taun 2017, novel basa Usinge Agul-Agul Belambangan ulih hadhiyah Rancage kategori basa Jawa.
Kelawan AI iku, cerita bisa diterusaken. Kari ngongkon, "Isun karepe gedigi, tokohe gedigi lang pungkas ceritane gedigi. Kadhung hing puwas, kari mbaleni maning."
Jare guru SMPN1 Banyuwangi iki sukur aja kabeh garapane AI, engko diaku ambi AI. Kudu dibecikaken pisan. Ring kono perlu penulis cawe-cawe makene tulisane kerasa gawenane menungsa.
"AI iku pinter seru. Hing ana ceritane salah ketik," jare Syaiful. Hang penting maning, merga iki basa Using, AI-ne kudu diwarahi "Gunakan aturan dan referensi Kamus Bahasa Using-Indonesia karya Hasan Ali".
Sedurunge iwuh Gesah iku, SKB uga ngerayakaken Anugerah Sutasoma kategori Komunitas Sastra hang ditampa ulan Oktober sore teka Balai Bahasa Jawa Timur kelawan donga hang dirapal Kang Ujik. SKB uga ngirim Patehah kanggo ruwahe para sesepuh lan wong-wong hang tau serawung ambi SKB lan wis nyulungi ngadhep Pengeran kayata pengarang lagu Pak Andang CY, budayawan lan penulis Wak Hasnan Singodimayan, budayawan lan penulis lagu Pak Armaya, ketua DKB dhongkol Pak Maskur, pelukis Kang Yadi S., anake Pak Hasan Ali Mbok Emilia Contessa, pengarang lagu Pak Nasikin.
Wong-wong iku sithik akeh duwe andhil kanggo nyurung SKB sakat 13 taun kepungkur ngadeg seperene nguri-uri basa lan sastera Using hang antarane diduduhaken ring pideo hang disetel.
Ring iwuh iku, seliyane Leroban 2, antologi cerita cendhek hang ditulis 33 penulis Banyuwangi, uga dipeleciraken telung buku liyane. Yaiku Keluwung ring Pucuk Samarwulu, novel karyane Satria Pujangga, Cecek lan Cecekan, kumpulan cerita cendhek karyane Nur Holipah lan buku teori sastera Menelisik Jejak Sastra Using tulisane Kang Ujik. Hang pungkasan iku buku hang penting diwaca hususe kanggo guru-guru sastera, ditulis nganggo basa Indonesia lan dilampiri lebih 100 gurit Using karyane Kang Ujik.
Iwuh sore iku ditekani para penulis antologi Leroban 2 kayata anggota Dewan Kesenian Blambangan Mbok Nani Asiany, penulis buku gandrung Kang Budiosing, Muzakky El Sayed hang koncar-kancir juwara nulis cerita cendhek basa Using.