Laporane Andi Sep Kurniawan
Komunitas Pecinta Literasi Banyuwangi (Kopiwangi) nganakaken lomba ndongeng kanggo mengeti ulan basa taun 2026 dina Minggu (26/10). Panggonan lombane ana ring Gramedia Banyuwangi ring elore patung jaran, Sobo, Banyuwangi.
Tema hang diusung Kopiwangi ring lomba ndongeng yaiku nguri-uri Basa Using, Ngerumat Budaya Banyuwangi. Pesertane dibagi rong kategori yaiku kategori A kanggo lare SD/MI kelas 4-6, dene kategori B kanggo lare SMP/MTs kelas 1-3.
Peserta padha tampil apik lan maksimal. Ana hang sampek nggawe keris-kerisan, tumpeng apen-apen, nganggo kelambi Gandrung, lan liya-liyane.
Pak Adi Purwadi, tokoh adat desa Kemiren, hang didadekaken juri ana ngomong rada kelunjuk lan sing nyangka kadhung pesertane padha penter.
“Ana ring bayanganisun pesertane masa penter-penter digi. Rada kaget ana hang ngomong endhog sak petarangan sing padha, uga bahasan raupa banyu segara makene ilang sangkale.”
Pak Pur hang aseli Kemiren iku uga nguweni pesen nong lalare peserta hang isine ngajak lalare enom padha wani masang dhadha lan wani nguri-uri basa Using. Iyane uga kepingin sakliyane basa Using ana kesempatan ngajak lalare ngurip-uripi memengan teradhisional.
Mula teka iku, Kopiwangi magih ajeg lan jejeg mbangun Banyuwangi kelawan kegiyatan Literasi. Peserta hang milu nong kegiyatan iki lumayan akeh, kategori A akehe 13 lan kategori B akehe 8 peserta teka pirang-pirangane sekolah.
Teka kegiyatan lomba, juri padha kangelan mbiji merga kabeh peserta nampilaken dongengan seru apike. Bijine bain mung kacek sithik teka peserta siji lan liyane. Pirang-pirangane peserta hang uleh juwara kategori A (SD/MI) yaiku Aqila Najwa Ramadhani (Juwara 1), Aysha Ayudia Adeeva (Juwara 2), Adinda Putri Azzahra (Juwara 3), Naila Taqiyyah (Harapan 1), Azka Dzakiyatus Shaleha (Harapan 2), Mayadina Amini Naswa (Harapan 3). Sakmentara kategori B (SMP/MTs) yaiku Fawwas Azzam An Najjany (Juwara 1), Chandra Purnamasari (Juwara 2), Arini Shifaul Jannah (Juwara 3), Elfrida Juwan Naifah (Harapn 1), Ivana Astrid Irawan (Harapan 2), lan Vira Fatimatus Zuhro (Harapan 3).
Sukses lan lancare kegiyatan iki nambahi semangate Komunitas Pecinta Literasi Banyuwangi (Kopiwangi) nganakaken kegiyatan literasi mejaji ambi visi misine, yaiku ngembangaken literasi ring Banyuwangi.