Akeh mahasiswa STKW Surabaya isine lalare Banyuwangi. Hang akeh seru manggon ana ring Jurusan Karawitan (tetabuhan). Lalare iki ngelumpuk teka macem-maceme wilayah. Ana hang teka Banyuwangi elor, tengah, kidul, sampek pucuk: dhaerah Kalibaru.
Nem taun kepungkur, tepake taun 2020, lalare jaman iku, dipandhegani ruwahe Moch Maskur sepakat ngedegaken Komunitas Kluncing (intepen nyang Instagram: komunitaskluncing).
Generasi kawitan iki akehe welasan, kelebu pirang lare teka njaba Banyuwangi hang mula wis milu sakat kawitan ngadege Kluncing. Anggotane saya akeh serta nganakaken pendhaptaran anggota kelawan judhul: Kluncing Mapag Dulur ring tengahe taun 2020.
Lalare Kluncing hang kawitan, yaiku Moch Maskur (lare Aliyan), Antoni (lare Benculuk), Ari (lare Sraten), Heri (lare Wonosobo), Oki (lare Sumberwangi), lan Eka Wulandari (lare Purwoharjo). Liyane iku, ana Achzana Ilhamy (lare Tembokrejo, Muncar), Joko Nugroho (lare Aliyan), Junaidi (lare Bratang, Surabaya), Soumi (lare Lemahbangdewo, Rogojampi), Aliapi (lare Pesucen), Riski Kukuh (lare Karetan), Anil (lare Alasmalang), lan Dimas Imam (lare Sumberberas, Muncar).
Ana maning generasi kepindho, ketambahan Eko Septiawan (lare Pamekasan), Ari (lare Pamekasan), Ilham Bahiy (lare Singanjuruh), Alif Nofa (lare Lateng, Gladag), lan Bagus Agustin (lare Pasinan).
Sakat iku, Kluncing dadi wadhah ngelumpuke lalare Banyuwangi lan pirang lare njaba Banyuwangi, utamane teka Jurusan Karawitan. Kluncing ubred nggawe kolaborasi ambi pirang-pirangane sanggar, EO, komunitas, lan ngelairaken karya.
Karya hang paling kesuwur kayatah Sang Kusuma (2021). Karya musik konser iki asile kolaborasi ambi Komunitas Munsing Aliyan, Banyuwangi. Karya iki disuguhaken kanggo mengeti daya upayane Pak Sumitro Hadi, hang sampek umur pirangane ulan sedurunge (intepen wujude ring YouTube).
Sakliyane nggawe karya anyar, Kluncing uga duwe program andhalan: sinau gendhing Banyuwangian. Program iki mejaji ambi tujuwan hang ketulis ring aran Kluncing. Kluncing iku bisa arupa alat tabuhan hang wujude wajik, bisa uga arupa singkatan. Kluncing dhewek yaiku singkatan teka Komunitas Lare Using Cinta Gendhing.
Ndhaptar Lomba
Taun 2026 iki Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Propinsi Jawa Timur (Budpar Jatim) ngadhakaken lomba karya tari sak-Jawa Timur. Iwuh iki diuweni judhul Urban Roots Festival 2026. Ngundhang sanggar, komunitas, lan kabupaten-kutha sak-Jatim kanggo ngirim pidhiyo karyane. Sepuluh karya paling apik bakal dipentasaken ring Taman Budaya Jatim kanggo diedu langsung. Karyane Kluncing kepilih ring antarane sepuluh karya liyane.
Sakdurunge gadug merene, Lalare Kluncing ngeliwati proses hang sing gampang. Liyane karya, Lalare wajib nyepakaken bandhane, aju sapa hang arepe njuged lan nggarap tariyane. Saya adoh maning, kelendi penganggone. Sapa hang nyuting pidhiyone. Kelendi sound-e.
Pungkase Lalare ngejak kolaborasi mahasiswa Jurusan Tari, hang untunge ya lalare Banyuwangi pisan. Penganggo tari lan sindhen ulihe nyilih nyang Ardhians Art Collection (AAC, intepen nyang Instagram). Penganggo panjake nggawa duwene dhewek-dhewek (celana cemeng lan hem putih lengen dawa), ambi udheng lembaran ulihe nyilih nyang AAC. Tabuhan lan panggonan latihan sak sutingane nganggo duwene kampus. Suguhan tepak latihan lan kebutuhan liyane, dicukupi kelawan urunan.
Nambahi bandha, Lalare ulih spongsor arupa picis teka Studio Pink lan Sanggar Tari Lab Remo Surabaya hang kerep megawe bareng Lalare. Tekad gedhi lan bandha ulihe urunan lan spongsor iku mau ngancani lakune proses Kluncing ring Urban Roots Festival 2026.
Tariyan iki asile kolaborasi Lalare enom Banyuwangi. Hang nggarap tariyane yaiku Nandita Eka Ratnasari, mahasiswa Jurusan Tari teka Cluring, ditulungi ambi Romi Romansyah (dosen Jurusan Tari teka Benculuk) lan Daffa (mahasiswa Jurusan Tari teka Surabaya).
Musike digarap keroyokan. Dipandhegani Ilham Bahiy (lare Singanjuruh), Satria Isma (lare Srono), Muhammad Khoirun Ni’am (lare Watukebo), lan Bintang Wicaksono (lare Cungking), ditengahi (kurator) Joko Nugroho. Hang dadi tuwek-tuwekane lalare, yaiku Zulfikri Eka Yahya utawa Cici (lare Lemahbangdewo, Rogojampi).
Para panjake, yaiku Nofalvisa Praba utawa Apis (lare Mangir), Satria Isma (lare Srono), Muhammad Khoirun Ni’am (lare Blimbingsari), Daffien Candra Dinata (lare Alasmalang), Erico Exelino Aryansyah (lare Concrong), Leondra Putra Pratama (lare Tegaldlimo), Moh Dani Ardiansyah (lare Kalibaru), Dafa Nabil Maulana (lare Muncar), Farellio Aditya Yudistira (lare Muncar), Yogi Vinanda (Muncar), lan Gilang Bayu Saputra (lare Purwoharjo). Minangka sindhen, Mita Putri Alfi (lare Kendalrejo, Tegaldlimo), diundang husus teka Banyuwangi kanggo iwuh iki.
Hang tukang njuged, yaiku Nandita Eka Ratnasari, Wiji Amelia Putri (lare Curahpacul, Muncar), Andira Yuanita Wulandari (lare Karetan, Purwoharjo), Chelsy Margaretha Putri (lare Sidorejo, Purwoharjo), lan Anggi Dinda Noviana (lare Curahkrakal, Muncar).
Pendhukung hang tukang nyukupi kebutuhane karya lan uwonge, ana Eka Julian (lare Muncar), Fauzi Rohman (lare Singanjuruh), lan Dwi Nanda Setiawan (lare Sumberberas, Muncar).
Sakdurunge kepilih, Lalare iki kudu nggawe pidhiyo karyane, aju dikirim nyang panitiya kanggone dibiji. Hang ngatur sound, yaiku Junaidi. Minangka tukang nyuting, yaiku Satria Akbar Ramadhani (lare Balak, Songgon), Moh Arsya Aulia utawa Aca (lare Lemahbangdewo, Rogojampi), lan Dimas Febrian Maulana (lare Muncar).
Laku lan usahane wis nemu asil. Karyane Lalare bakale diedu ambi sangang karya teka kabupaten-kutha liyane. Dhung parek lan gelem, mayo teka. Tanggal 29-30 Oktober 2026 ring Taman Budaya Jawa Timur.
Kluncing, berangkat.