“Pemirsa, perekonomian Indonesia kian mengkhawatirkan…”, gedigu abane penyiyar berita ring tipi. Kadhung ngomongaken “ekonomi” kadhang kang ana ring angenan iku angel, mbuled, lan adoh seru teka uripe wong-wong desa kaya isun iki. Noring pikirane wong desa, ucap “ekonomi” iki biyasahe jangget ambi judhule berita ring tipi, ana gambar garis (grafik) munggah mudhun kang nggarai mumet, uga wong-wong kantoran kang penganggone apik, penganggone jas, lan ana ring kutha gedhe. Alihe ya sing kaya gedigu. Ekonomi iku dudu mung duwene wong kutha, ekonomi iku bagiyan kang njangget ring uripisun lan rika.
Kadhung diartekaken teka asal basane, ekonomi iku jarene gurunisun asale teka basa Yunani kuna, yaiku “oikos” lan “nomos”. Oikos nduweni maksud "rumah tangga” aliyas umah-umah, dene nomos iku nduwe arti "aturan utawa hukum". Kira-kira kadhung didadekaken siji artine “aturane wong umah-umah”. Ring basa modheren ekonomi iku diartekaken sekehe daya uga lakune menungsa ngolah sumber daya kang ana watese (terbatas) kanggo nyukupi kebutuhan uripe hang maneka rupa lan sing ana enteke.
Alasan, apuwa kok menungsa iku kudu miloni ekonomi yaiku anane masalah pokok, kang biyasahe diarani scarity, cara Usinge barang langka. Dene, kebutuhane menungsa iku sing ana enteke. Mulai kebutuhan sandhang, pangan, papan, mbandhani sekolahe anak, tunggangan saben dinane, sampek biyaya njaga kesehatane awak dhewek lan keluwarga. Ngenani kebutuhan kang sing ana enteke iki, rika tau ngerasakaken ra yuh? wis duwe sepidhah jengki, kepingin nunggang scoopy, kelaksan nduwe scoopy, magih kepingin numpak montor rodha papat.
Kebutuhane menungsa sing ana enteke, taping sumber dayane ana watese. Kanggo nyukupi pangan, saiki sawah ya wis mulai suda, padha diedol dienggo mbangun umah, lan liyan-liyane. Kanggo nyukupi kebutuhan ngombe, banyu rijig ya wis mulai arang. Kanggone nyenengaken awak, picis kang diduweni ya ana watese. Semono uga wektunisun lan rika ya ana watese mung patlikur jam sedina.
Kerana kebutuhan kang sing ana enteke, taping sumber dayane ana watese iku mau, isun lan rika saban dinane dipaksa kudu nggawe pilihan urip kang paling apik lan nguntungaken awake dhewek. Paman tani ring desa ya kudu milih, asile panen arep dienggo tuku pupuk kanggo nandur maning, tah arep dienggo mbecikaken gentheng umahe kang bocor? Rika ulih arisan, picise dienggo tuku mas-masan tah dienggo mbayar sekolahe anake? pilihan-pilihan iki mau arane rika wis ngelakoni ekonomi.
Saben pilihan kang rika gawe iku mau, mesthi kudu ngorbanaken salah siji. Kadhung Paman tani milih nambel  genthenge kang bocor, ya sing ana kang dienggo tuku pupuk. Semono uga kadhung picis ulihe arisan rika enggo tuku mas-masan, ya sing ana kang dienggo mbayar sekolahe anak. Noring ekonomi, pilihan iku mau diarani opportunity cost utawa regane pilihan (biaya peluang).
Teka cerita iku mau, para ahli ekonomi kang diarani “ekonom” nguwani arti ucap ekonomi kanggo nggampangaken wong awam kaya isun lan rika kabeh kanggone ngarteni paran iku ekonomi. Salah sijine yaiku Adam Smith, kang dikenal “Bapak Ekonomi Modern”,  iyane nguweni arti ekonomi iku ilmu kang nyinaoni lakune menungsa kanggo ngusahakaken lan ngolah sumber daya kang diduweni kanggo nggayuh makmur. Dene ahli liyane, kang arane Lionel Robbins, ngomong kok ekonomi iku ilmu kang nyinaoni kelendi nggawe pilihan urip, padha kaya ceritane paman tani lan rika kang ulih arisan mauka.
Dadi, ekonomi iku isine dudu mung angka, tumpukan kertas kandel utawa ilmune wong kutha kaya kang sun anggep. Ekonomi iku ilmu lan carane isun lan rika ngeregani keringet kang wis deredesan nalikane megawe. Kelendi carane nganggo picis utawa sumber daya kelawan cara kang apik lan bener. Saklawase menungsa iki magih nduweni kebutuhan, ekonomi bakale ana ring uripe menungsa, mbuh nong umah, pasar, lan sawah.