Tamba-tamba herbal hang magih urip lan dipercaya ring masarakat teradhisional akeh hang nganggo paran-paran hang ditemoni ring sak ubengane urip sedina-dina.

   Kaya jare sesepuh dukuh Talunjeruk Glagah, Kang Usik, salah siji tamba teradhisional hang dienggo wong Using yaiku kuluban jagung lan godhonge kates gantung cumpu akeh mampaate.

  Jare ketua KOPAT WANGI (Komunitas Pegiat Adat dan Tradisi Banyuwangi) iki ngulub jagung dicampur godhonge kates gantung akeh mampaate yaiku paedahe ana telung macem:

• Siji nawi dulur lan kanca napsu mangane kurang utawa sing pati arep madhang bisa mangan kuluban iki. Merga kadhung mari mangan kuluban jagung kang dicampur godhonge kates gantung sakmarine wetenge kerasa elom bain. Kang arane cangkem ya kudu kecap-kecap bain.

• Kaping pindho bisa ngilangi penyakit gatel-gatel ring awak. Mergane bisa nguras kang arane cacing ring njerone weteng, sampik cacing-cacing kerawit.

• Kaping telu mujarab kanggo ngusir lara demam utawa penyakit gemigil/malaria lan awak kerasa sarsaren utawa awak adhem panas.

LUCU

Sesepuhe wong Using ninggali pesan moral nyang putune kadhung nduwe tanah sak timpuhe wong ayu aja sampik lali nandur lucu. Mergane tanduran uwit lucu iku keneng kanggo tamba herbal. Contone ebunge lucu keneng kanggo ragine jangan lan bisa uga kanggo ragi melas iwak laut lan iwak banyu. Perlune supaya ilang amise lan jangane rasane sedhep. Terus ebunge lan kembange lucu iku bisa disambel kanggo nambahi selera madhang. Taping ya sing cukup semono paedahe lucu iku. 

   Bisa pisan kanggo tamba ngilangaken lara kolestrol dhuwur, asam urat lan penyakit panas jero.

RESEPE:

• KOLESTEROL Bunge lucu diejus aju saringen, banyune dicampur ambi gula aren/lirang ditambahi uyah. Bisa diombe isuk lan soren arep mapan turu.

• ASAM URAT Resepe padha ambi tambane Kolestrol.

• WATUK Resepe bida sitik, kang diejus iku Kembange Lucu kang magih kudhup, aja kang wis mekar. Serta wis alus banyune disaring dicampur ambi gula batu sampiik rasane kecut manis. Ngombene kudu tengahe dina kapan jare mbah buyut, wektune wayah bedhug lan ukurane mung sak gelas.