YEL YEL IPA 2
KELOMPOK 1: DULUR-DULUR… RIKA SAPA?
KELOMPOK 2: E…SAPA RIKA?
KELOMPOK 1+2: EMBUH…….
PERSONAL 1: KETANG UMUR WIS PADHA PITULAS PINDHO
PERSONAL 2: TELUNG PULUH PAPAT?
KELOMPOK 1+2: USING… UNTU TELAS PIPI KENDHO……
GEMUYU KABEH....
WANGSALAN:
TUKU SOTO RING WARUNGE MBOK SITI
KERASA PENYAR NJALUK DITAMBAHI SEGA
IPA LORO JANGGET ANA RING ATI
MASIYA MENCAR SEDULURAN TETEP KEJAGA
KABEH: HU…..
PERSONAL1: IPA LORO……
KABEH: MAGIH SAGAH……
Gedigu unine salah sijine kelas ring lomba yel-yel Reuni 40 taun SMPP 86 dina Sabtu, 14 Nopember 2026 ring Gesibu Belambangan Banyuwangi.
Sakliyane bisa nekakaken alumni sak Indonesia, panitiya uga bisa nekakaken para guru hang magih ana yaiku: Pak Yuwono, Pak Soeparno, Pak Edy, Pak Wayan lan Bu Nanik guru Bahasa Indonesia. Akeh lomba hang dianakaken sore iku sakat isuk jam 05.30 Wib sampek nggadug jam 10.00 Wib. Macem kelire lomba yaiku senam, njuged, yel-yel, wangsalan ijen, wangsalan kelompok lan ana penghargaan kanggo dulur-dulur hang umahe paling adoh. Ana hang teka Samarinda, Bali, Pontianak, Sulawesi Selatan, Tangerang, Bandung, Medura, Malang, Prabu Mulih Sumatra lan ana uga hang teka Batam. Kanca-kanca hang selawase iki urip ring njabane Banyuwangi iku, panitiya nguweni tali asih nyang hang teka Batam yaiku Dodik Sulistyono lan rabine. Dodik iku goncengan sepidhah udhud keloron ambi rabine teka Batam nyang Banyuwangi. “Sangking kepingine ketemu kanca-kanca sekolah hang uwis pisah sakat 40 puluh taun kepungkur,” abane Dodik ambi rada mberabag kaya nak arep nangis. Berangkat teka umahe ning Batam sampek nggadug Banyuwangi suwine sampek 10 dina. Nalika ring dalanan, sepidhah udhude mogok ping pindho sampek ana seperparte hang kudu diganti.
Tanggal patbelas bengi ring Gesibu Belambangan panitiya nggelar kesenian hang ditekani ambi H. Mujiono Wakil Bupati Banyuwangi uga salah sijine alumnus SMPP taun 1986. Iyane nggadugaken salame Bupati Ipuk ngenengi masalah anane kanca-kanca alumnus hang urip ring njabane Banyuwangi. Dikarepaken, masiya uripe adoh teka Banyuwangi, tetepa bisa nulung-nulungi masarakat lan pemerintah kanggo mbangun Banyuwangi.
Ring acara Reuni 40 taun SMPP 86 uni bengi iku sak liyane mangan-mangan bareng kanggo tamba kangen, kanca-kanca The Boys Boss, grup band SMPP hang bengen ngetop, milu tampil ngawakaken gendhing banyuwangen “Gerigis”. Imam Tajudi tukang miteki kibor, Joko Suryanto nyekel kitar melodi, Hari Nimus ring ritem, Gunawan nyelempang bas lan pokalise tetep mbok Nina adhike mbok Linda.
[kang ujik]