Ditulis ring Nani Asiany MS

Maksude wong wadon ring tulisan iki yaiku wong kang duwe kodrat duwe alat kelamin, bisa haid, meteng, ngelairaken lan bisa nyusoni. Kadhung salah siji kodrat iku sing ana ring awake, tandhane wong iku sing bisa diarani wong wadon. Mula wong wadon iku mahluk sepesial lan istimewa, merana-merene kerep diomongaken, sing kaya wong lanang. Embuh iku teka rupa/raine, awake, sipat wateke, kelendi kadhung ngatasi masalah, lan liya-liyane.

Tulisan iki sing ngomongaken wong wadon kang akeh didadekaken obyeke wong lanang taping nyeritakaken kelendi perane wong wadon kang ana ring njerone kitab Qur’an. Kitab Qur’an iki sing mung ngomongaken ngenani aturan, ibadah, lan ahlak, naming uga nyeritakaken peran pentinge wong wadon ring kisahe sejarah keimanan, perjuwangan, kesabarane, lan dakwah. Wong-wong wadon iku ana kang langsung disebut arane taping ana pisan kang sing disebut arane. Weruhe wong-wong wadon kang sing disebut arane iku ana ring kisah-kisah jamane nabi-nabi sakdurunge Nabi Muhammad SAW.

1. Maryam. Aran Maryam iki istimewa mergane siji-sijine aran wong wadon kang disebut nong Qur’an. Istimewane pisan, Maryam uga didadekaken salah sijine surat nong Qur’an. Kisah Maryam iki paling nonjol nong Qur’an. Tarjamah teka Qur’an Surah At Tahrim ayat 12 muni: “Lan Maryam, putrine Imran, kang ngerawat kehormatane”. Ning kene nduduhaken kadhung Maryam iki teguh iman, taat nyang Gusti Alloh.

2. Rabine Fir’aun. Gusti Alloh ngumpamakaken rabine Fir’aun kanggo wong-wong kang iman. Kaya kang disebut nong Qur’an Surah At Tahrim ayat:11, kang artine: "Lan Alloh nggawe perumpamaan kanggo wong-wong kang iman, yaiku rabine Fir’aun.” Ning ayat iki Gusti Alloh ngungkapaken rabine Fir’aun. Aran Asiyah dikenal ring tapsir masiya sing disebut arane nong Qur’an. Kisahe ngajaraken kadhung lingkungan kang elek sing bisa nentokaken kuwalitas imane uwong.

3. Ratu Saba. Nong kisahe Nabi Sulaiman AS, Qur’an nggambaraken wong wadon kang merentah negara. Qur’an Surah An Naml ayat 23 njelasaken, “Saktemene Isun meruhi wong wadon kang mimpin negara.” Nong kene nonjolaken wong wadon kang merentah. Aran Bilqis dikenal nong teradhisi Islam taping sing disebut arane nong Qur’an.

4. Emake Nabi Musa. Uni tarjamah Qur’an Surah Al Qasas ayat 7, “Lan Engkene ilhamaken nyang emake Musa, susonana iyane.” Ungkapan emake Musa iki nduduhaken ngenani percaya nyang Gusti Alloh, tatag, lan teguh atine dadi emak.

5. Rabine Nabi Adam. Nalika nyeritakaken uripe Nabi Adam nong Suwarga, kasebut nong Qur’an Surah Al Baqarah ayat:35, “He Adam, manggona Sira lan rabinira nong njero suwarga.” Aran Hawa dikenal nong teradhisi Islam, lan nong Qur’an sing disebut arane langsung.

Teka tulisan ring ndhuwur iku nyatakaken kadhung wong wadon duwe peran arane dhewek (alam), wong wadon hang dadi rabi kerana nikah, ngenalaken wong wadon hang duwe kuwasa, perane wong wadon minangka emak, lan pasangane wong lanang kang keneng diejak gesah.