Laporane Heni Kurniawati
Hing kabeh data lan impormasi bisa diubar sak enake ring Akal Imitasi (AI), kudu tetep ana saringan utamane hang ditujokaken ngelindhungi masarakat adat.
Nicolas Attar, narasumber teka PD AMAN (Pengurus Daerah Aliansi Masyarakat Adat Nusantara yaiku organisasi independen kang berjuwang kanggo hak-hak masarakat adat ring Indonesia), marahi peserta aja gampang ngumakaken data.
Merga data iku bisa bain diselewengaken. Conto: ana masarakat hang saben ana acara pating nganggo emas-emasan, ulihe kebiyasahan masarakat nggolet emas. Ahire teka data iku ana wong kang weruh gok dhaerah iku akeh kandhungan emase. Aju impo iki diselewengaken kanggo wong-wong hang dhemen ngeruk emas, hing perduli ring kepentingane masarakat kono utawa lingkungan kono.
Disaranaken ana panggonan rembugan masarakat adat. Dadi ana saringane sedurunge impormasi iku digawa metu, jare Nicolas.AMAN uga siyap ndhampingi masarakat pisan. Merga data kang ana ring Wikipedia iku dadi salah sijine sumber data kang dijuwut AI.
Lokakarya internasional Wiki hang digelar tanggal 6-8 Nopember ring Jakarta, dipiloni delegasi teka Indonesia, Malaysia, Thailand lan Timor Leste.
Teka Indonesia ana Taqi (Pangandaran), Heni (Banyuwangi), Fina (Makassar), Taufiq (Pekanbaru, Riau) lan Ali (Mataram, Lombok, NTB).
Sakteruse ring diskusi kelompok, kelawan narasumber Hillun (Wikipedia Indonesia) ngomongaken data paran bain kang ulih diedumaken masarakat adat nyang AI, kang ulih diedumaken taping kudu njaluk idin lan kang sing ulih diedumaken.
Ring kono, pesertane uga diajari;
1. Nggawe akun wikimedia kanggo kang durung duwe akun. Disaranaken hing nganggo arane dhewek karepe kanggo ngalesi kejahatan siber (syber crime). Nulis artikel rintisan (artikel anyar kang akehe mung separagrap).
2. Nyunting (ring wikipedia indonesia, ring wikipedia bahasa dhaerah, wikipedia incubator yaiku wikipedia basa dhaerah kang durung lair. Conto: Wikiusing.
Masiya nganggo AI bisa nggancangaken pegaweyan, naming uga aja kari percaya seru. Sak using-usinge kudu diwaca, dibecikaken. Polae AI uga ngalami halusinasi, ngawur merga sing duwe data kang arep diduduhaken.
Sakmarine acara, kabeh peserta kudu nerusaken ilmune nyang 10 uwong kang siyap dadi sukarelawan nambahi data/nyunting ring wikipedia.
Wakil teka Banyuwangi, Heni, iki kelebu 50 peserta rekom teka PD AMAN Banyuwangi. Ana pisan Taqi hang direkom teka PB AMAN Jakarta. Akehe 12 uwong kang milu nyang Jakarta iku lulus seleksi, liwat nggarap tugas-tugas saben mari google meet. Sasat kabeh peserta iku dadi anggota komunitas adat lan utawa wikipedia. Mulane emeh kabeh wis duwe akun wikipedia.