Laporane Heni Kurniawati

Banyuwangi kepilih dadi salah siji wakil daerah teka Indonesia ring lokakarya telung dina kanggo negara ASEAN ring proyeke Yayasan Wikimedia hang diweni aran WACANA ring Jakarta (6-8 Nop).
   Mau bengi acarane buru dikawiti kelawan keterangan hang ngenalaken programe lan paran hang arep dilakoni sak suwene lokakarya.
   WACANA iku (singkatan teka basa Inggris hang kira-kira artine: Nggedhekaken Kapasitas Akal Imitasi Kanggo Masarakat Aseli ASEAN), dikarepaken bisa ngembangaken literasi Akal Imitasi ring komunitas adat lan penutur jati basa minoritas ring Indonesia, Malaysia, Timor-Leste, lan Thailand. 
   Tujuwan iwuh iki saya ngerteni carane AI lan gandhengane ambi basa lan budaya. Iwuhe iki kelebu pelatihan njero kawat (daring) kanggo 50 pelatih, lokakarya ring Jakarta kanggo 12 utusan kepilih lan pembelajaran tingkat nasional, uga ana sesi pelatihan berbasis komunitas. 
   Kelebu uga ring programe iki kegiyatan nyunting bareng ring proyek Wikimedia ring petang negara.
   Wakil Indonesia ana lima yaiku Ahmad Taqiyuddin, Heni Kurniawati, Fina Ruzika Zaimar, Taufik Hadris lan Ali Alvian. Teka Thailand ana Mahamadaree Waeno, S.E. lan Musleehah Samah. Aju teka Timor-Leste ana Diamantino Pereira de Orleans Soares lan Maria Imaculada. Teka Malaysia ana telu Linah Bagu, Ph.D, Jilorisa John, Nelin Ambrose Sitam.
    Jare salah siji proyek koordinator, Pak Rheza Haekal,
Wikimedia (utawaYayasan Wikimedia) iku organisasi nirlaba internasional kang mandhegani proyek-proyek pengetahuan bebas ring internet, kelebu Wikipedia.
   Bedane Wikimedia ambi Wikipedia, Wikipedia iku salah siji proyek utawa situs ensiklopedia daring kang bisa disunting sapa bain. Dene Wikimedia (Yayasan Wikimedia) yaiku organisasi induk/payung kang cawis inprastruktur, server lan sokongan bandha kanggo Wikipedia uga proyek-proyek liyane.
   Proyek-Proyek Utama Wikimedia yaiku antarane:
1. Wikipedia: Ensiklopedia daring multibahasa.
2. Wikimedia Commons: Repositori media gratis rupa gambar, audio, dan video.
3. Wikidata: Basis data terstruktur terbuka.
4. Wikikamus (Wiktionary): Kamus kan tesaurus multibahasa.
5. Wikibuku (Wikibooks): Buku teks lan materi pembelajaran gratis.
6  Wikisource: Perpustakaan dokumen lan naskah sumber bebas.

   Ring Banyuwangi wis tau dianakaken pirangane program Wikimedia kayata Wikilatih lan Wikikatha (kanggo nyusun kamus).