Lare Gombengsari, Khanza Genio Alya, hang saiki magih kedhaptar minangka siswi MAN 1 Banyuwangi kelas 11 Saintek 4, dina Minggu (1/11) sore dadi Juwara 1 ring POPDA (Pekan Olahraga Pelajar Daerah) XV Jatim cabang Muaythai 2026 kelas junior 40 kg.
Ale jebeng hang lair 30 Januari 2010, anake pasangan Kang Kent Ali lan Ely Andriani iki buru bain ulan September sore dadi Juwara 1 ring Lamongan Muaythai Championship 1, East Java Series 2026, ring kelas Junior 43 kg.
Hing maido, lare kemunjilan teka loro seduluran iki kepingin nggawa aran Banyuwangi utamane lare Using, sampek juwara Internasional.
Iyane patheng latihan seminggu ping telu ring sasana Viper Champ ring Lingkungan Payaman, Giri, dilatih kang Dayat. Durung maning latihan dhewek nong umah.
Hang dadi idolane ya hing adoh-adoh, yaiku atlit Thailand juara dunia Muaythai kelas ringan Rodtang, mualap, serta ngerabi Zaidina hang uga atlit Muaythai.
Sedurunge Khanza uga wis kerep juwara, kayata Juwara 1 Blambangan Championship 1 kelas G, Juwara 2 Blambangan championship 3 kelas Pra remaja, Juwara 2 Krida Siswa PSHT ke - 10 (2025) lan Juwara 3 silat Kejurkab kelas D pra-remaja 2024, Juwara 2 Silat Seni beregu Kejurkab remaja 2025.
Khanza cumpu hing mung penter ring olahraga beladiri, naming iyane ya pinter ring seni sastera. Iyane tau Juwara 1 Lomba Puisi PORSENI Tingkat Kabupaten tahun 2022 lan Juwara Harapan 2 Lomba Puisi PORSENI Tingkat Provinsi Jawa Timur tahun 2022 hang digelar ring Tulungagung.
"Larene ngalem kadhung nang Isun," jare kang Kent Ali. Kapan wis menang lan bapake ana ring pareke Khanza aju mesthi njaluk hadhiyah. Tepak marek juwara ring Surabaya dina Minggu sore, iyane ngejak bapake mangan pizza.
Muga-muga impene Khanza nggawa aran Banyuwangi saya arum ring tingkat internasional diijabah Hang Kuwasa.