Ana pitakonan tepak iwuh Gesah Cerita Cendhek Using ring Perpustakaan Untag Banyuwangi hang dianakaken Sengker Kuwung Belambangan dina Minggu 1 Nov sore, tepak kene nulis cerita cendhek basa Using kelendi carane nulis logat-logat hang beda-beda antarane desa siji lan liyane. 

 "Umpamane paran ana hang ngomong paen. Jaranan ana hang ngomong jaranon," jare salah siji peserta Gesah Mohamad Novi Yusuf hang uga milu nulis ring antologi cerita cendhek Leroban 2.

Sakat taun 2002, ruwahe Pak Hasan Ali ngetokaken kamus Basa Using-Indonesia (saiki bisa diakses liwat web belambangan com). Kamus iki nyathet kira-kira lebih 23.000 ucap hang ana ring telung wilayah, Banyuwangi kutha, Banyuwangi kulone kutha lan Banyuwangi kidul (Rogojampi-Gambiran-Singojuruh). Gediguwa magih akeh ucap-ucap lan lugot hang durung kecathet 

Umpamane lugot ring Aliyan, Mangir utawa Boyolangu hang dhemen medhot ucap-ucap, "nyang endi" dadi "nyang en".

Mula anane kamus iku ana ucap-ucap "baku" hang penulisane wis digawe pelanggeran lan kelawan pelanggeran iki (kadhung ring ilmu bahasane Perskriptif) kaya nyingkrihaken lugot-lugot liyane. Nong endi bain, tulisan iku nganggo aturan jelas hang ana pelanggerane. Hing bisa saben wong nulis sekarepe dhewek sak sire iyane.

Balik nang lugot mau, endane lugot hang durung kecathet kudu dibuwang? Setemene ya sing. Kamus iku dudu nyathet barang mati hang wis hing bisa dikapak-kapak. Kamus iku kudune saben dina ditambahi ucap-ucap hang durung kecathet lan kudu ditambahi maneka ucap-ucap lan lugot teka pirangane desa, kari nambahi keterangan, ucap iki teka desa endi, lan ucap bakune paran.

Kadhung hang ditakokaken Novi mauka, ring tulisan cerita cendhek, magih bisa diakali.

Kene nulis narasine mula nganggo tulisan hang baku, dudu sekarepe dhewek, tandha wacanan ya wis cemepak.

Kanggo nulis lugot mau, bisa dideleh ring ucap langsung teka tokohe mau. Ambi diwani keterangan tokohe iki mau teka desa endi lan ngomong kelawan lugot Using desane deles.

Dadi wong hang maca hing bingung maca tulisane lan bisa mbayangaken unine tulisan iku mau kaya kelendi.