Gandrung Sewu 2026 hang dianakaken dina Sabtu (24/10), kawitan digelar dalu polae dibarengi ana drone-show yaiku atusan drone hang bisa murup, bisa baris nggawe kaya lukisan ring awang-awang.
   Nawi merga kawitan digelar dalu, akeh wong hang maido, hing mung merga hing pati katon nang ayune gandrunge, naming cet barak sak awak teka omprok sampek tapihe hang kesentrong damar biru uga nggarahi ilange kemeromonge gandrung.
   Para potograper hang biyasahe enak ulih akeh garapan obyek poto, padha celathu entek ngamet polae hing bisa gampang ulih jepretan. Gandrunge katon biru kaya kulite wong suku Na'vi ring pelem Avatar.
   Ana maning hang ngomong sak mesthine gandrunge murup ring petengan "glow in the dark" naming merga dipoleti pospor sithik-sithik kaya kembangane batik, asile potone dadi kaya jerangkong. 
   Durung maning merga peteng, penontone kaya semerawut. Hing mung ring bagiyan kursi-kursine, hing bisa dipenggak, hang jatah VIP kaya hing payu. Taping hang nemen tepak bubaran mulihe. Hang arane kanca barengan wis melaku sewang-sewangan. Aja wong hang nggawa sepidhah montor, hang melaku sikil bain hing keneng dipiyak. Macet.
    Mbok Nani Asiany, anggota Dewan Kesenian Blambangan, ngewani penemu: "Enak raina. Rai jelas, ubarampe penganggo jelas, ayune ketara, kinclong. Kadhung bengi, nggoleti sepidhah parkire nong endi, bingung kerana kelire sepidhah padha kabeh. Durung macete. Ambi kancane wis adoh-adohan panggone. Ilang-ilangan. Kancane balik mulih sing weruh jawane."
   Naming ana uga wong hang duwe penemu gedigi, kaya kang Slamet Hariyadi, dosen ring Universitas Jember hang tau dadi ketua Ikawangi Jember: "Apikan dalu setemene. Pertimbangane, persiyapan lebih mateng kerana ana waktu sedina kanggo persiyapan dalu. Dalu kahanane lebih adhem, permainan cahaya teka lampu, drone, kelap-kelip Bali, paran maning tepak padhang ulan, tambah katon eksotik. Soal pengalaman penontone mbeludhag mula kudu digoletaken solusine."
   Nawi Gandrung Sewu kudune tetep digelar raina lan drone-show digawekaken wektu dhewek dalu-dalu makene karo-karone bisa melaku kabeh. Hing ruwet, hing macet.
    Kelendi kadhung jare rika?