Ana kang bida teka pegiyetan Kemah Cerpen Bahasa Ibu taun 2026 iki. Kadhung nong taun 2024 lan 2025, kabeh peserta diundhang nong tendha hotel, cumpu taun iki kemahe dianakaken cukup nggelar kelasa ning 'umahe' dhewek-dhewek liwat njero kawat (daring, Zoom Meeting). Pegiyetan kang digelar sakat Senin--Rabu, 2--4 November 2026 sore iki, magih nutugaken upaya pembinaan dan pengembangan kemampuan berkarya inovatif kanggone pemenang Festival Tunas Bahasa Ibu (FTBI) JawaTimur.
"Kegiatan ini menjadi hilir dari rangkaian panjang program Revitalisasi Bahasa Daerah (RBD)," gedigu abane Dr. Dora Amalia, M.Hum. Kepala Pusat Pengembagan & Perlindungan Bahasa dan Sastra wayah nguwani sambutan. Wonge ya ngewekasi kanggo kabeh peserta lan guru pendhamping kang ketiban sampur, dikarepaken tetep jenggirat miloni saben jadwal kang wis ditap telung dina suwine.
Serehne Kepala BBP Jatim Dr. Puji Retno Hardiningtyas, S.S., M.Hum. negesaken dak Kemah Cerpen taun 2026 iki kudu asil arupa kembang ronce (antologi) digital. Mulane BBP Jatim wis nugasi narasumber yaiku: Mudhar (Basa Madura), Syafi Rilla S. Maghfuroh (Basa Jawa) lan Nur Holipah (Basa Using) kanggone momong akehe 32 lare teka 12 kabupaten/kota.
Dina kawitan (Senin, 2 November 2026) sakmareke pembukaan pegiyetane ditutugaken magih klasikal. Nur Holipah nyampekaken materi kelendi nulis cerpen hang apik, Mudhar nerangaken kelendi carane gena bisa njugeri lan milih tema, aju Syafi Rilla S. Maghfuroh njelentrehaken carane nggambuhaken alur lan kelendi gena lakon nong ceritane duwe 'nyawa'.
Serehne dina Selasa lan Rabu, 32 peserta langsung melebu nong kelas breakout room kanggone gesah langsung siji-siji. Cerpene dibibiti, dipetani endi kang kudu didondomi, endi kang kudu ditambel, endi kang kudu disuda lan diapikaken.
Hang mbungahaken ambekana daring, peserta teka Basa Using akehan taun hang saiki timbangane tahun 2025 sore hang mung papat (2 teka SD, 2 teka SMP). Ana lare 10 hang dadi peserta Basa Using antarane:
1. Fatma Faikhotul Zannah - SMP Islam Sunan Gunung Jati
2. Jesika Maulidiyah - SMPN 2 Glagah
3. Renata Nur Indah - SMPN 2 Kalipuro
4. Sifa Zullianti - SMPN 1 Singojuruh
5. Aprilia Putri - SMPN 1 Rogojampi
6. Istmi Dwi Firdhayanti - SDN 1 Kabat
7. Jizzy Pearl Aulia - SD Negeri Kenjo
8. Adiba Shakila Anindita - SDN 2 Gintangan
9. Maharany Wijaya Tunggadewi - SDN 1 Rogojampi
10. Karina Humaira Dzidni - SDN 3 Bagorejo