Tulisane Aguk Wahyu Nuryadi

Barengan tanggale ambi dina Sumpah Pemuda kapanane, Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani ngelungaken SK Pengangkatan minangka Kepala Sekolah SMP Negeri nang 14 wong.
    Salah sijine ana Yeti Chotimah,M.Pd,M.Art hang wis dadi guru sakat 2001 lan madeg dadi Ketua Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Basa Using SMP sak Banyuwangi sakat 2021. Saiki iyane ulih tugas dadi Kepala Sekolah SMPN1 Blimbingsari.
   Bengen kuliyah S1 ring FKIP Jurusan Biologi UNEJ. Aju nerusaken S2 jurusan hang padha ring Universitas Negeri Malang. Uga double degree ring Universitas Nanjing Agriculture Cina ring Semester 3.
   Marek lulus S2ne iyane diangkat dadi Pegawai Negeri Sipil lan dideleh ring SMPN 3 Rogojampi.
   Sedurunge, iyane duwe pengalaman mulang SMA Miftahul Ulum Labanasem Kabat aju dadi guru bantu ring SMAN 1 Giri suwine pitung taun.
   Ring SMAN 1 Giri seliyane mulang IPA, iyane uga mulang seni budaya lan mulok sejarah Belambangan. Lewat kereasine bab pengajaran seni adat teradhisional sampek nerbitaken buku, iyane ulih anugerah minangka guru berprestasi seni lan ulih penghargaan teka Gubernur Soekarwo.
   Suwine 15 taun, 10 ulan ring SMPN 3 Rogojampi uga tau mulang Bahasa Inggris, Bahasa Indonesia, Agama Islam, Seni Budaya lan IPA. Uga dadi koordinator Perpustakaan utawa Laboratorium IPA. Uga tau dadi pembina utawa pelatih ektrakurikuler tari, musik teradhisional, jurnalistik lan teater. Yeti uga guru Fasilator Daerah USAID.
   Minangka penulis lan jurnalis warga, Yeti akeh nerbitaken buku, nulis ring pirangane media kayata Media PGRI Jatim lan Majalah Bende Budaya uga jurnal news lan sastra wacana lan siyaran ring radio komunitas Bung Tomo FM.
   Dhemenane nggawe lan maca puisi sakat SD lan gemblengan OSIS SMA Nurul Jadid Paiton uga Teater Tiang UNEJ ndadekaken iyane fasilitator Lembaga Pendidikan Seni Nusantara, pengurus Dewan Kesenian Blambangan (DKB) lan DHC'45 hang markase ring Gedung Juang '45.
   Iyane uga aktip ring Komunitas Gotongroyong 45 lan Yayasan Aura Lentera hang wigati ring disabilitas. Yeti Chotimah taun 2026 iki uga lulus minangka Guru Pendamping Khusus Mahir Nasional ring Sekolah Inklusi.