Ottolander lan Banyuwangi (bagiyan 6)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Agustus 2026 04:02 WIB)
- Tokoh



Aperuwa takonana wong Banyuwangi, weruh tah Teun Ottolander? Paling adoh jawabe wong Landa hang manggon ning Licin.
   Nana hang weruh gok iyane iku hang nggawe Ijen minangka kawasan konservasi (bengen istilahe monumen alam).
  Iyane uga milu nulis babad asal-usul Belambangan bareng ambi bupati Banyuwangi jaman semono R. Notodiningrat. Embuh apuwa gok Bupati njaluk Ottolander dadi kanca penulise. Nawi merga pengetahuane hang akeh. Nawi merga iyane wis "dadi wong Using". Kaya hang ditulis redaktur koran teka Landa, Elout, "Di Hindia ia telah menjadi hampir sepenuhnya berjiwa pribumi. Ia menikah dengan seorang perempuan Jawa dari keluarga terpandang dan kini tinggal bersamanya di Taman Sari. Seorang putra dan seorang putrinya tinggal tidak jauh dari sana. Tanah tempat rumah itu berdiri atas nama Nyonya Ottolander (karena peraturan yang aneh bahwa orang Eropa, sekalipun ingin hidup dan mati di sini, tidak boleh memiliki tanah). Rumah itu merupakan rumah pribumi di atas tanah pribumi." 
    Merga hubungane ambi wong kono seru rakete, iyane dipercaya nggawa rombongan gandrung metu adoh nyang Bandung taun 1921.
   Jaman semono, arep nong Surabaya bain kangelan, paran maning nang Bandung, ambi nggawa sak rombongan gandrung lan panjake.
    Iyane dikongkon lembaga Java-Instituut, kumpulan ring Solo hang duwe wigati merujuke budaya Jawa, Sunda, Medura, Bali lan Lombok, nggawa tontonan gandrung tepak kongres ring Bandung taun 1921.
   Kanggo nggenepi tontonane, iyane nulis makalah bab gandrung hang judhule "Gandroeng van Banjoewangi" hang isine uga ana 13 sair gendhing gandrung hang diterjemahaken nang basa Landa. Iyane ngakoni, akeh ucap-ucap hang sing bisa dialihbasa nang basa Landa.
    Cathetan iki saiki dianggep minangka hang kawitan sair-sair gendhing gandrung ditulis nganggo hurup latin. Merga hurup Latin iku buru bain dikenalaken taun 1900an, sedurunge, tulisan nganggo hurup Arab pegon utawa ditulis nganggo hurup carakan.
   Ring makalahe, Ottolander uga nyeritakaken Gandrung sakat teka gendhing pengiringe, sejarah lan kelendi tari gandrung digelar.
   Ottolander sampek umur tanggal 18 November 1935 ringTamansari, Licin Banyuwangi, tepak umure 81 taun.
   Warisane Ottolander hang magih ana seperene yaiku kebonan kopi ring kawasan ngingsore Ijen,
pelestarian tari Gandrung, sejarah kawitan Desa Tamansari, ngenalaken kawasan Ijen nyang donya, lan koleksi botani hang dadi bagiyan penelitian flora ring Jawa Timur.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : poto: tepak metek ruwahe Ottolander

Editor: Hani Z. Noor