Ottolander lan Banyuwangi (bagiyan 4)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 30 Juli 2026 06:19 WIB)
- Tokoh



 Asal-Usule Tuwan Pancur Tamansari

 Teun Ottolander lair tanggal 27 Januari 1854 ring Boskoop, Landa. Boskoop sakat abad 19 kawentar dadi pusere wilayah pembibitan woh-wohan, tanaman hias, lan hortikultura.     
    Keluwargane mula wong tani lan tukang mbibit wit-witan hang kesuwur. Hing maido sakat magih lare, donya kebonan lan wit-witan wis dadi sega jangane.
   Tepak enome, iyane sinau ilmu hortikultura ring Landa, Inggris lan Skotlandia. Merga pengalamane, iyane dadi ahline ring teknik nyambung wit-witan.
   Wayah umur 23, iyane nulis buku Enten van Fruitbomen en Struiken ("Nyambung Wit Woh-wohan lan Gombol"), diterbitaken taun 1877.   
    Bukune sampek ulih penghargaan arupa medhali emas teka organisasi hortikultura Landa.
   Aju taun 1878 Ottolander mangkat nunggang kapal Prins van Oranje, tujuwane Hindia-Landa (Indonesia saiki).
   Kawitane iyane megawe ring kantor perkebunan ring Jawa Tengah, aju dadi asisten perkebunan kina lan kopi sedurunge didadekaken administrator perkebunan.
   Karire apik lan merga kepinterane iyane bisa ngelola perkebunan merga paham ilmu wit-witan.
   Aju taun 1884 iyane pindhah nyang wilayah Oosthoek (Bucu Wetan Jawa) kelebu Probolinggo, Bondowoso, Situbondo, Jember, lan Banyuwangi.
    Ring kene iyane saya moncer, milu ngembangaken pirangane kebun kopi lan megawe bareng perusahaan perkebunan gedhi. Aran Ottolander mangkat duwe aji minangka pekebun hang gedhi pengaruhe.
    Pindhah nyang Tamansari Licin, nasibe saya nemokaken ndarune. Iyane nyewa lemah lan ngembangaken kopi ring wilayah sak ngingsore Gunung Ijen, ketemu jodhone wong teka keluwarga sugih aseli kono Nyonya Mince (Astiyah) sampek ninggal donya lan dipetek ring Tamansari. Anake loro lanang wadon manggon ring parek kono pisan.
   Sakat mangkat pindhah nang Hindia-Landa taun 1878, iyane buru balik nang negara Landa asale 49 taun sakuwise. Tujuwan mulihe, salah sijine arep sinau tetanen pari ring Mesir lan Itali kanggo ngunggahaken perodhuksi pari ring Tamansari.
   Iyane gelem sinau basa Using kanggo nggampangaken ulihe ngomong nong pegawene.
    Tugase dadi pimpinan perkebunan ngurusi kebun kopi lan karet, ngurusi pegawe kebun lan ngadol asile perkebunane.
   Naming iyane uga aktip minangka pengumpul spesimen wit-witan, ngemati anggrek, lan duwe wigati gedhe nang wit-witan pegunungan Ijen.
   Umur 75, iyane magih sagah munggah mudhun gunung. Malah ngateraken wartawan koran Landa Amsterdamsche Handelsblad, Elout, nang Sempol Bondowoso kanggo ndeleng sisa peninggalan kuna.
   Temakaken gadug kana pecake bangunan iku wis hing ana. Ottolander katon getun lan kelayung. Aju ambi ngangkat pundhake iyane ngomong, "Kabeh wis ilang, nana maning tinggalan kuna...Kabeh diancuraken..."

(Ana terusane: kiprahe ring Tamansari, kiprahe ring budaya Using, lan kontribusine ring gandrung)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : delpher.nl

Editor: Hani Z. Noor