(Bag. 2 pungkas)
Miturut M. Ikwan tukang keluncing pengudang teka Banje, Kik Timbul salah sijine tukang bahola hang wis kesuwur sakat bengen, sakdurunge wong-wong kenal ambi Pak Buang Mangir. Ring mangsa uripe ring umur hang wis lebih teka 80 taun iyane uga magih bisa nggasak bahola. Timpuhe magih tanek, gendhing-gendhing gandrung magih durung ana hang dilalekaken.
Gasakane baholane kelebu gasakan alus merga Kik Timbul ajeg ana ring saben pementasan gandrung. Wis akeh gandrung hang wis dipiloni sakat bengen. Kik Timbul hang asli Mangir iki bengen iku sing netep miloni siji Gandrung bain. Merana-merene ngetutaken gandrung, tau milu, Gandrung Tatik, Rodiyana, Sudah, Kusniah, uga gandrung Temu, lan gandrung Siti. Iki hang sun weruhi miturut keterangane M. Ikwan.
Serta wis tuwek iki bain Kik Timbul mung main bahola ring acara-acara husus bain.
Mula sing gampang golet pemain bahola hang temenan bisa deles gasakan baholane. Sak usinge kaya Kik Timbul sing mung embat, eluk lan cengkoke nyang gendhing Using naming uga rasa unine nyang njero ati.
Ceritane Devi hang lair ring Desa Mangir Rogojampi, 4 Maret 1995 iki kelebu putu wadone Kik Timbul. Devi sindhen Using iki ngakoni gok iyane akeh ulih ajaran gendhing lan cengkok gandrung teka anang kesayangane iki.
Sing salah kadhung Devi hang magih putune tukang bahola Banyuwangi Kik Timbul iki bisa dirandhu dadi sindhene Banyuwangi hebat ring dina ngarep. Getih-turune Kik Timbul nyatane wis diturunaken nyang Mbok Devi teka anange.
Sayun Sisiyanto salah sijine seniman tabuh Banyuwangi nyeritakaken gok anane embat gandrung uatawa cengkok gandrung iku merga ana pengaruhe teka gasakan bahola. Gasakan nyang pucuke senar hang ana ring bahola hang sing ulih pedhot ndadekaken embat gandrung hang khas hang mung bisa digendhingaken gandrung.
Nurut Sayun uga nalika ditemoni penulis iyane ngakoni dhung gandrung sakdurunge diperas mesthi bakal nyantrik nyang tukang bahola kanggo sinau gendhing embat lan cengkok gandrung.
Pungkase, sakpeninggale tukang bahola kaya Kik Timbul lan Pak Buang Mangir, muga-muga bain merujuk tukang-tukang bahola liyane hang gasakane alus sing ninggal embat, eluk, lan cengkoke Banyuwangi.
Muga jembar kubure, disepura dosane lan diterima amal-amale. Masiya sing akeh seru kiprah rika ana ring gandrung Banyuwangi naming gasakan baholan rika kabeh lan tanek silah rika bakal dirandhu sapa bain hang dhemen gendhing gandrung Banyuwangi.