Leroban

Kadhung nurut arti sakbenere, Leroban yaiku arupa jangan santenan. Ana desa-desa Banyuwangi kidulan ngarani "jangan godhog". Jangan hang diracik nganggo sembarang janganan hang sing gampang ludhuh. Janganan mauka biyasahe nganggo ebung, kates enom, godhong sawi, ontong, lan pakis. Hang mbedakaken jangan iki ambi jangan liyane mesthine merga dirageni ambi belondho utawa ampase wong ngeletik. Rasane gurih, kentel, lan ngangeni.
   Leroban ring kene arupa buku kumpulan cerita cendhek Basa Using hang dikumpulaken teka penulis-penulis Basa Using Banyuwangi utawa wong njaba Banyuwangi naming magih gelem nulis nganggo Basa Using. Ring taun 2026 iki Leroban wis kelebu buku hang nomer 2. Hang nomer siji wis dipeleciraken ring taun 2025 kepungkur. Artine, gerakan nulis cerita cendhek iki arep diuripi terus kadhung peminat lan penikmate magih urip lan melaku terus.

Buku Leroban?

Pelecirane buku Leroban 2 dianakaken ana ring Aula Perpustakaan UNTAG Banyuwangi tanggal 1 Nopember 2026. Meh kabeh penulise nekani ring peleciran iku. Ring sambutane, Antariksawan Jusuf ketua SKB (Sengker Kuwung Belambangan) hang kedhapuk uga dadi penerbite buku Leroban 2 nyampekaken dhung Leroban 2 iki mudhun kuwalitase dibandhingaken Leroban 1. Mula iku Kang Iwan, gediku biyasae diceluk, kepingin nerusaken Leroban 3 ana ring taun ngarep ambi cara hang luwih apik. Makene kuwalitase tambah apik, Kang Iwan arep nganakaken kurasi sulung sakdurunge buku diterbitaken. Tulisan-tulisan cercen hang wis dikirim bakal dikurasi, diteliti, lan diseleksi endi hang pantes diemot ring buku Leroban 3. Jare Kang Iwan, magih akeh penulis hang kirim tulisan magih durung bener anggone nganggo kaedah-kaedah penulisan Basa Using hang bener. Durung maning akeh cerita hang alur lan klimakse datar utawa biyasa-biyasa bain, uga ana cerita hang sakjane durung layak dadi cerita cendhek.
Mula iku, ring kegiyatan peleciran buku Leroban 2 iku dianakaken pelatihan lan gesah bab Cerita Cendhek Basa Using hang dipandhu telung nara sumber, yaiku: Kang Ujik (Pemenang Hadiah Sotasoma 2025), Nur Holipah (Penulis Cerita Cendhek Wadon Banyuwangi), lan Moh. Syaiful (Pemenang Hadiah Sastra Rancage 2017). Pelatihan iki dadi kunci penting, dudu mung seremonial peleciran tok. Kanggo penulis anyar, iki panggonan sinau langsung teka penulis-penulis hang wis kesuwur.

Leroban 3, Gage Cepakaken

Ring pungkasane sambutan, Kang Iwan ngajak nyang para penulis nyepakaken cerita cendhek kanggo Leroban 3 dikawiti dina iki, makene bisa direvisi-revisi lan ceritane bisa ampek lan pantes melebu nong buku Leroban 3 taun ngarep. Ring pelatihan lan gesah cercen Using, Kang Ujik wanti-wanti, aja sampek ngilangaken idiom Usinge. Idiom iku roh Basa Using. Nur Holipah uga nguweni dasar anggone nulis iku sing ulih males, kudu seregep. Moh. Syaiful nutup piwulange ambi istilah "jam terbang", hang dikarepaken nulisa bain terus, aja sampek mandhek makene ulih pengalaman. Aja mung nulis merga ana lomba utawa merga arep ana penerbitan buku. Saiki wis ana saranane, bisa nganggo  "Ana Akal Imitasi (AI)", hang wis kegawa saban dinane ana ring handphone. Sakliyane iku wis disediyakaken kolom Minggu ring belambangan.com hang bisa dienggo panggon latiyan nulis cerita cendhek.

Leroban, Dadekena Pawon

Leroban iku aja mung didadekaken buku, naming dadekena pawon panggonan nggodhog penulis-penulis cerita cendhek Basa using. Cerita cendhek hang wis digodhog mauka bisa dadi cerita hang gurih, werna-werna, maneka rupa naming kerasa enak kanggo hang maca.