Raden Mas Pringgo Kusumo Lan Raden Mas Saleh
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 06 Juli 2026 06:42 WIB)
- Esai
Garapane Kang Ujik
Ring jerone tahun 1860-an, Raden Mas Pringgo Kusumo, Raden Mas Saleh lan Raden Mas Saelan dhemen memengan ring alas Karangtigan kulone Pagerjaban {sampek seperene keceluk Kampung Gerajaban}. Ring alas Karangtigan iku lare-lare lancing tanggung iku golet endhoge pitik, talkun, banyak lan bebek. Dina keliwat dina, ulihe golet endhog sampek nggadug ring tengah alas Karangtigan hang ring kono ana pondhok cilik hang digawe teka jajang lan atepe digawe teka jeliring kelapa hang uwis dienam dadi kepang. Pondhok iku kanggo iyup-yupane Wak Jen lan rabine hang aran Putri Dewi lan siji anake keceluk Mohamad Made.
Saben mari golet endhog, para lancing tanggung keluwarga katumenggungan iku dhemen milu ngaso ring pondhoke Wak Jen. Kerana kulina ketemu, suwara lan isine wewarahe Wak Jen nduduhaken kadhung awake dudu uwong geletrehan. Nyatane serta gesah-gesah, lare-are lancing tanggung iku ngarti kadhung Wak Jen bengen-bengene magih kelebu salah-sijine anggota perajurit perange Pangeran Diponegoro tahun 1825-1830.
Nalikane Pangeran Diponegoro kecandhak lan dibui ambi Bangsa Landa, perajurite padha mencar-mencar. Lha… Wak Jen melayune ngetan sampek ngambah Segara Belambangan {saiki kesebut Selat Bali} lan ndharat ring tanah Bali, netep ring Nusa Dua. Kerana melayune ngetan teka Nagari Ngayogyakarta, Wak Jen hang magih duwe getih pejuwang iku keceluk uga kelawan aran Sarkiyyun. Ana uga hang nyeluki Wak Sargi. Iyane nulungi Keraton Nusa Dua hang nalika iku uga ngedhepi gerombolane VOC hang arep nguwasani tanah Nusa Dua. Serta Nusa Dua bisa selamet teka cengkeremane VOC, Wak Jen diweni hadhiyah arupa tanah sak sigar semangka, diangkat dadi Patih lan diempet mantu. Wak Jen sing gelem tanah lan nampik dadi Patih. Iyane gelem nerima dadi mantune penguwasa Nusa Dua. Serta duwe anak siji hang diarani Mohamad Made, Wak Jen ngajak keluwargane ninggalaken Nusa Dua ngambah Segara Belambangan nuju kutha anyar hang aran Tirtaganda, kesebut uga Tirtaarum lan hang pungkasan kesebut Banyuwangi. Kerana dudu warga Banyuwangi iyane sak keluwarga minthik-minthik liwat pinggiran alas lan mandheg ring tengah alas Karangtigan.
Tahun-tahun seteruse, lare-lare anake keluwarga katemenggungan iku ngakoni Wak Jen dadi gurune, merga akeh wewarah tuwek hang diterima lan dienggo pelanggeran uripe. Naming liya dina, Wak Jen hang uwis diceluki Wak Kiyai Jen iku ngerasakaken hawa beda ring antarane Raden Mas Pringgo Kusumo lan Raden Mas Saleh. Lare loro iku satru merga padha-padha ndhemeni adhike Raden Mas Saelan hang uwis munggah perawan. Naming padha-padha durung wani nyampekaken kekarepane. Magih dhemen-dhemen dhewek. Kerana sampek rong dina durung nyapa, soren-soren ngarepaken serngenge lingsir, Raden Mas Pringgo Kusumo lan Raden Mas Saleh diejak ring Sumber Umbul hang ancer-ancere ring kulon-kidul teka pondhoke Wak Kyai Jen. Sumber Umbul arupa jelowokan ring paras hang jerune mung sak bangkekane uwong tuwek lan garis tengahe bunderan jelowokan mung setengah dhepa iku ana ring pinggirane kalen
“Mas Pringgo lan Mas Saleh. Sira keloronan aja sampek ninggalaken Sumber Umbul iki, sedurunge ana hang nyusul merene!”
“Wak Kiyai Jen arep nyang endi?” takone Raden Mas Pringgo Kusumo. Raden Mas Saleh mung mandengi Wak Kyai Jen.
“Isun nak nyang Mekkah!”
“Hah…?” abane Raden Mas Saleh ambi nutupi cangkeme. Pikirane wis mangkat itung-itungan wektu. Kadhung menyang nyang Mekkah, aju awake nunggoni Sumber Umbul iku sampek pirang ulan. Malah-malah sampek pirang tahun. Raden Mas Pringgo Kusumo sing wani takon maning. Lare loro iku nulihi lakune Wak Kyai Jen hang mudhun melebu Sumber Umbul aju nyilep lan nana njumbul maning.
Samar wulu saya nggawe peteng. Barongan Jajang ori hang padha temiyung sampek kaya terowongan. Manuk engguk uwis saut-sautan. Abane kodhok anter-anteran. Ulan hang edheng-edheng merambat teka langit wetan sunare sing bisa nerabas rapete godhonge uwit-witan. Raden Mas Pringgo Kusumo lan Raden Mas Saleh magih betah sing gelem gesah. Serta kira-kira ana abane pitik jago kukuruyuk kawitan, embuh pira akehe rengit saya semeliwer nyokoti sikil, gulu lan pipine lare loro iku. Suwi-suwi sing betah padha ngomonge lan gelem gesah.
Ketebang-tebang, ana oncor teka marek-marekaken. Raden Mas Pringgo Kusumo lan Raden Mas Saleh padha ngadeg ambi nyandhak kayu sak kenenge. Kuwatir nawi ana uwong hang arep salah-salah. Serta marek-marekaken, oncor iku hang nggawa Raden Mas Saelan.
“Eh, ana paran Rika teka merene?” takone Raden Mas Pringgo Kusumo.
“Wak Kyai Jen ngongkon Rika keloron balik nyang pondhoke!”
“Hah..? Jare Wak Kiyai Jen nyang Mekkah. Nyilep ring Sumber Umbul iku soren mau.!” abane Raden Mas Saleh.
“Isun sing ngarti ceritane. Hang penting Isun dikongkon nyusul Rika, Wak Kyai Jen uwis ana ring pondhoke!” semaure Raden Mas Saelan ambi ngajak mulih dulur-dulure hang magih bingung iku.
Nawi bain, kadhung Raden Mas Pringgo Kusumo lan Raden Mas Saleh padha ngathet-ngathete, wangkod-wangkodan lan sing gelem gesah masiya dikerubut rengit, bisa-bisa sewengi jampleng sing ana hang nyusul.
Teka kedadeyan iku keneng dienggo ipat-ipat kadhung menusa iku kudu urip rukun. Aja sampek masalah cilik hang durung karuwan uwis didadekaken sebab rusake seduluran.
Serta uwis padha dhewasane, Raden Mas Pringgo Kusumo dadi Bupati Banyuwangi hang kaping lima, Raden Mas Saleh dadi Imam Besar Masjid Jamek Baiturrahman. Raden Mas Saleh ngarah dadi awake dhewek.
Cerita teka ruwahe H. Selamet (magih kelebu anak-putune Mbah Mas Saleh)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Ilustrasi AI
Editor: Antariksawan Jusuf