Ring endi pondhokane ulama gedhi Banyuwangi Kiyai Saleh? Ring Lateng. Ring elore sumber Kali Kajian hang jare bengene dienggo nggebeg lalare koproh hang arep mondhok ring kono. Ring dalan paran arane? Ring jalan Riau. Aju aran Kiyai Saleh iku dienggo aran dalan tah? Iya, nong Kepatihan. Lah?
Sedurunge dielih nong Kepatihan, mula Jalan Kyai Saleh anane ring dalan hang dadi wates antarane Kelurahan Lateng lan Kelurahan Temenggungan (saiki Jalan DI Panjaitan).
Jalan Kyai Saleh iku sakat taun 1956 wis dadi aran dalan ring kono. Buku biografi Kiyai Saleh karya H. Abd. Manan Syah nyebutaken gok ring taun1956 DPRD Kabupaten Banyuwangi sepakat ngewani aran dalan iku Jalan Kyai Saleh minangka penghormatan nyang KH KGS Sholeh Syamsuddin, gedigu aran jangkepe. Dalan iku itungane magih ana ring wates kidul kompleks pondhokan lan uga makame Kiyai Saleh.
Tau pisan ceritane Jalan Riau iku diarani Jalan Kiai Saleh merga panggonan pondhoke ana ring kono. Dadi masalah dalan lan panggonan iki penting merga ana hubungane ambi pondhok iku mau lan makame ya nong kono. Pindhah nong dalan hang lebih gedhi, teka Jalan Riau nang dalan teka perapatan Lateng ngetanaken iku bisa dianggep minangka penghurmatan liyane, naming dalan iku magih nong parek pondhoke lan makame
Kiyai Saleh lair 7 Maret 1862 lan nemoni pesthine 20 Agustus 1952. Ruwahe iki salah siji wong penting merga milu ngedegaken Nahdlatul Ulama (NU) bareng ambi KH. Hasyim Asy'ari dan KH. Wahab Chasbullah. Ruwahe uga milu ngawiti ngadege Gerakan Pemuda (GP) Ansor lan tau madeg dadi Mustasyar PBNU taun 1928.
Ambi para ulama Nusantara liyane, ruwahe uga milu ngerumusaken Resolusi Jihad 1945 hang ngurubaken tekade para santri kanggo mbela kemerdhekaan Indonesia.
Seliyane ilmu agama (kitab kuning), ruwahe uga duwe ilmu kanuragan hang akeh nggawe insap wong-wong jahat bengen.
Pindhahe aran dalan Kyai Saleh iki kaya ngelawan bukti sejarah, bisa pisan dideleng kaya sithik-sithik ngilangaken bukti sejarah. Pondhoke lan makame Kiyai Saleh ana ring Lateng makene wong paham dalan hang nggawa arane ya mesthine ana ring Lateng pisan.
Aju paran alasane aran dalan iku dipindhah ring Kepatihan? Paran hubungane Kepatihan ambi Kiyai Saleh? Minangka lare hang lair lan gedhi ring Lateng, Isun durung ulih jawaban hang bisa nggawe ati lega.
Kiyai Saleh Lateng Kok Bisa Pindhah nang Kepatihan?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Hani Z. Noor