Kumpul Hing Kumpul Pokoke Madhang
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 13 Juni 2026 06:56 WIB)
- Esai
Ditulis ring Iskak Basuki
Endi hang bener, 'urip enggo mangan' tah 'mangan enggo urip'? Akeh hang ngomong jare mangan enggo urip tapi nyatane akeh hang sambat, jare urip iki sara, golet sega sepiring belaka ngaya. Kauw! Jare, mangan enggo urip, ting uripe montrang-mantring enggo golet pangan, enggo mangan. Yara sami rawon, coh. Sami benere tah, coh?
Ngetakaken semeliwere menungsa uber-uberan golet pangan. Delengen tah nong angger perapatan lampu merah. Masa ana hang 'woles', selow. Tosene wayahe wong mangkat megawe utawa mulihe. Kabeh kesusu. Alan-alane wong kebelet. Arane kendharaan paran bain, runtung-runtung sing ana pedhote. Lurung gedhi ketara kaya kali, kendharaan dadi banyune. Teka lor, kidul, wetan, kulon, iline kaya belabur.
Sunggane sing diandohi lampu merah kelakon muser nong tengahe perapatan kono. Menungsane gelem celathuan, mudhun pating pulet, jotosan. Macet temenan ukurane.
Ubete menungsa, kadhung ujare wong kuna 'kaya gabah den interi'. Menungsa unyeng-unyengan, ngelibengi donya ngetutaken galure urip kaya hang wis digaris nong tangane. Wong kulon 'okeh' hang berangkat ngetan, wong wetanan sithika hang beruwat ngulonaken. Buyeke sing buwang-buwang gabah hang ditamperi nong nyiru. Daya hang digoleti sing liya ya isine gabah.
Seliyane iku, ana gabah hang kewolak-walik nong ndhuwure nyiru. Hang maune nong ndhuwur mingser mengisor, hang nong ngisor njumbul mendhuwur. Ana hang sukur umik, sukur obah sithik; gambarane uwong hang kipek-kipek onong umahe utawa kampunge dhewek. Ana maning hang dhasare sungkanan, sungkan sara, sungkan keringeten, sungkan megawe. Ya, akeh tunggale, istilahe sungkan doyan, 'megawe sungkan, mangan doyan'. Gawene kelindhang-kelindheng, mangu-mangu, lungguh-lungguhan thok ambi kendhangan dhengkul.
Wis sing jamane nganggo 'prinsip kendhang kempul'.....madhang sing madhang kumpul. Iya gok ana hang dicageraken. Kadhung sing ana hang diadang, sing terima keroncongan, wetenge kelakon kothong bolong kaya jerone kendhang lan kempul.
Jamane wis kuwalik, tahok-tahok diwalik. Alung diwalik 'kempul kendhang'.....kumpul sing kumpul hang penting madhang.
Sapa bain uliha milih, kepingine saben dina kendhang kempulan. Saben dina madhang lan terus kumpul, kembul.
Nyatane wong urip sing mesthi bisa milih. Isun dhewek tau ngeplaki kendhang gadug Trenggalek, papane wong 'pripun-pripun'. Magih durung krisis moneter, picis satus nong kana ulih sega pecel, ulih 'bonus' jangan belendrang hang wis dingat-nget ngat-nget embuh pirangane jaman. Rupane taker soklat semu-semu cemeng. Ting herane saya 'nyam-nyam' dilolohaken cangkem. Jajane macem-macem magih rega selaweyan. Ana gorengan tempe diadoni gelpunge gaplek, rada kasar lan kandel. Gurihe magih enget sampek saiki. Hmm..! Bandha picis rongatus, mumah-mumuh, madhang sak ngopine, sak udude masiya bedhelan. Saiki picis rongatus apuwa kok sing payu?
Jamane magih nom-noman iku awak biyasah 'ngandhok' nong pasar soren, langganan nong warunge Bu Kendar, campur nyang tukang becak paran iku. Sepisan tau nyaruki sepi. Gadug kono uwonge enak madhang dhewek; serta mari, iyane ambi ngedoli ngejak gesah,
"Kula heran. Angger bar madhang kok mesti wareg".
"Lo.....! Nek kula kok mboten, bu".
"La.....pripun?"
"Angger bar madhang kula kok mesti mbayar....."
"Ha ha ha.....!!!"
Weleeh.....! Mbokdhe hang adhate mingkem kaya ngemut inten iku sakkal kepingkel. Gok gemuyu taker sing basa Taker mangap, coh. Emane sing ngemut inten temenanan, munggone ra mencelat intene. Nong kono, sing bisa mesem diarani ngemut inten, sing bisa mingkem diwadani mersi, pamer gusi.
Yaiku, mbokdhe mauka dadi kemekelen. Isun dhewek ya dadi heran, sing kathik golet mara-mara ngomong sukur melendhong. Magiya wong marung arep sing mbayar? Munggone iku warunge mbok dhene tah? Kecuwali mula 'nasib awak lagi mujur'. Nepaki krisis dompet, nong warung ketemu bos. Sapa-sapa hang loman, hang ngebosi, yaiku bos.
"Kesuwun ya, Bos. Sering-seringa bain, Bos. Kesuk jam pira merene maning, Bos?"
"Jam rolas marine bedug. Lambene pena anggone dilas gena sing adhuk-adhuk". He he he..... Guyon, bos!
Ceritane wong koncar-kancir nang warung. Ana hang dhasare mula dhemen mangan enak ambi ngobos nong warung, ana hang kepaksa kerana arep mulih adoh. Kerasa elom, wetenge keruk-keruk, digoletaken tamba nong warung. Hang marung lan hang duwe warung setemene padha-padha golet pangane. Hang duwe warung golet pangan ambi adol panganan. Bathi picis ya bathi mangan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.