Rombongan klub tenis teka Genteng Banyuwangi, jak 34 wong teka ngelurug main ring Jakarta lan Bandung.

   Aran klube bain Bersatu (Bermain Sampai Tua) dipimpin Pak Saroni kepala sekolah SMPN 1 Genteng dhongkol lan koordinatore yaiku dr. Nanang Sugianto, kepala rumah sakit Genteng dhongkol. 

   Sing maido hang teka ya anggotane hang wis pangsiyun. "Ana pangsiyunan guru, pegawe rumah sakit, PNS, pulisi," jare kang Prasetyadi, ketua Magenta (Masyarakat Genteng dan Sekitarnya), salah siji kelompok masarakat hang nyokong Ikawangi Pusat.

   Seliyane mapag, Magenta uga milu dadi musuhe main tenis ngelawan wong-wong Bersatu. Ana 10 wong Magenta, kelebu mahasiswa IPB lan 10 anggota Tenis Club Sepa PK 2 Th. 1995 Halim Perdanakusuma lan loro ibu-ibu hang milu tandhing. 

   Rombongan klub Bersatu nunggang sepur Blambangan Ekspres teka setasiyun Kali Setail lan mudhun ring Jatinegara tanggal 17 Oktober jam 7.46 aju njujug Lapangan Tenis Triloka AURI Pancoran Jakarta Selatan. Langsung nyekel raket. Perei ngaso merga bedhuge padha adus ring pasilitas ring lapangan aju nguber kereta Whoosh soren-soren hang nang Bandung.

   Marek suwengi nginep ring Bandung engkisuke tanggal 18 main tenis maning. Engkisuke maning tanggal 19 Oktober, isuk magih kober ngelencer ring Bandung, aju bedhug wis nunggang sepur Sangkuriang hang langsung nang Banyuwangi, mandheg Kalibaru aju oper sepur Pandanwangi balik nang Kali Setail.

   Dadi sapa hang menang? "Hang penting bisa  silaturahmi main tenis seduluran ambi klub tenis Jakarta," jare Kang Prasetyadi hang uga humas ring Ikawangi Pusat.