Ring paran wong-wong wingek (Jawa kuna) nulis cerita, nyathet kedadeyan lan liyane?  Nganggo alat paran?
   Jare Pak PJ Zoetmulder ring bukune "Kalangwan", kene mesthi ndeleng paran hang dilakoni ring wong Bali, merga emeh kabeh sastera Jawa Kuna magih bisa ditemokaken ring kana lan teradhisi nulis lontar magih urip.
   Minangka bahan tulise, wong Bali nganggo godhong lontar, aju alat dienggo nulise, kaya lading cilik hang disebut pengutik utawa pengerupak.
   Bener gedigu tah? Cara hang ana ring Bali saiki iki padha ambi cara hang dienggo penyair Jawa Kuna?
   Jare Pak Zoetmulder ana rong sumber hang bisa dienggo. Hang kawitan: seni rupa, utamane relief-relief hang kaukir ring  candhi-candhi Jawa Kuna. Hang nomer loro: keterangan ring cara nulis hang ana ring karya sastera iku.
   Sumber kawitan ring relief nduduhaken buku utawa surat, taping kene hing bisa ngarani teka paran bahane. Kadhung ndeleng conto relief-relief ring Candi Borobudur akeh-akehe diduduhaken kaya buku utawa bahan wacanan, hang madhani naskah-naskah godhong lontar, masiya godhonge katon lebih wera.
   Naming Pak Zoetmulder hing bisa masthekaken, kudu ana penelitian ring wong-wong hang mula sinau bab iki.
   Kadhung ring data ketulis, bahan tulise teka godhong ental utawa lontar (metatesis teka ron tal yaiku ron artine godhong, tal uwite tal). Ucap iki nawi teka basa Jawa.
   Ring basa puisi ana ucap-ucap kayata siwala, sawala, suwala, suwalapattra, sewanapattra, siwalan, hang kabeh duwe arti "surat", uga duwe arti godhonge wit tal.
   Naming kadhung dibeliyaki ring sastera Jawa Kuno, bagiyan-bagiyan hang nganggo ucap iku, asile rada nggawe ngersula.
   Merga ucap siwalan mung diucap sepisan kelawan arti hang dimaksud yaiku aran uwit (disebut ring  Nāgarakṛtāgama, abad ke-14) hang ngasilaken minuman keras. Naming ring kene hing ana hubungane ambi buku-buku utawa surat-surat.
   Ring arti "surat" ucap siwalan hing njumbul ring sastera sedurunge sastera kidung.
   Dene ucap tal mula ditemokaken ring teks-teks Jawa Kuno paling kawitan minangka aran uwit, kadhangane ana hubungane ambi pulut hang diasilaken utawa ring arti kiyasan. Ucap iki dienggo ngartekaken barang hang gedhi seru umpamane tongkat utawa bajra hang digambaraken gedhine sak uwit tal. Naming hing ana disebut-sebut godhonge. Kejaba ring  Korawāśrama, buku sakti hang diduweni Ganeśa, kerep diarani gedong tal, yaitu godhong tal (Korawāśrama :104) lan mung sepisan disebut lontar, ucap hang dienggo seperene.
   Dene Korawāśrama iku karya prosa, hing kelebu teradhisi puisi kakawin. Masiya hing ana tanggale lan panggonane, kadhung ndeleng isi lan basane karya iki  ditulis ring Jawa tepak jaman Majapahit pungkasan utawa sak uwise lan ditulis ring pengarang hang hing ana pengaruh keratone lan sastera keraton.
   Ukara-ukara ring kitab Korawāśrama iki mula kaya wis bisa masthekaken gok godhong tal iku minangka bahan dienggo nulis ring Jawa lan Bali.
   Ucap lontar dhewek setemene wis suwi diweruhi ring Jawa. Naming hang nggawe kaju gok bisa ucap iki hing ana ring sastera Jawa Kuna lan ring sastra kakawin hing ana siji-sijiya referensi hang nduduhaken nganggo godhong tal minangka bahan tulis. Ale ring sastera hang kesebut mau ana lebih sak lusin bahan tulis hang ana hubungane ambi penyair lan saire. Kadine njumbul pitakonan, endane bisa digawe kesimpulan lontar iku bahan tulis merga teradhisi sakat jaman Jawa Kuna hang magih dilakoni seperene ring Bali utawa endane lontar setemene dudu siji-sijine bahan dienggo nulis?
   Jawabane kene kudu neliti lebih jeru bagiyan-bagiyan hang ana hubungane ring teks-teks kuna iku.