Sapa wonge hang sing bangkel kadhung awake mambu. Awak mambu merga akeh keringete. Gampang gobyos masiya mung obah sithik, nggawe awake mambu kecut merga mambu keringet. Mesthi bain hang gedigi iki nggawe awak dhewek isin lang sing percaya diri, jare lare saiki sing PeDe.

Kadhung ana hang gedigi iki saiki gampang tambane, rika bisa nganggo deodorant utawa wewangian hang disemprot. Naming kadhung rika duwe tanduran jeruk pecel/nipis iki bain bisa uga efektif ngilangaken awak hang mambu kecut lan apek.

Jeruk pecel lan uyah, sakat kuna-makuna wis dipercaya bisa ngilangaken awak mambu kecut lan apek.  Banyu teka jeruk hang diperes dicampur uyah sithik bisa ngilangaken ambune kelek hang apek. Iki bisa dienggo saban dina makene rika sing perlu tuku deodorant/reksona.

Carane

Jeruk pecel/jeruk nipis diperes dijuwut banyune dicampuri uyah sithik. Antarane setengah sampek sak jam sakdurunge adus dipulasaken nyang kelek aju digeningaken mari gedigu aju adus disabun kaya biyasahe. Ambu kecut lan apek hang biyasah ana ring kelek pas keringetan bakal ilang.

Kandhungan

Jeruk pecel/nipis efektif ngilangaken ambune awak hang apek lan kecut kerana kandhungan asam lan vitamin C bisa kanggo antibakteri alami, mateni bakteri hang urip ana ring kelek. Sifat asam bisa nggawe seimbang pH ana ring kulit, bisa ngendhegaken uripe bakteri lan jamur ring kulit.

1. Vitamin C

Vitamin C duwe sipat antibakteri hang bisa mateni bakteri hang nggawe awak mambu apek. Sakliyane iku vitamin C uga bisa ngurangi wong hang keringete sampek gobyos.

2. Antioksidan

Antioksidan hang ana ring jeruk bisa ngilangaken radikal bebas hang metu teka awak, bisa ngilangaken ambune awak hang apek lan sing enak.

3. Sifat asam

Sifat asam  hang ana ring jeruk pecel/nipis bisa nyeimbangaken pH kulit, makene ngalami uripe bakteri hang nggawe awak mambu apek lan kecut kaya werak.

Cacaken bain resepe wong kuna-makuna iki, mesthi manjur.