Sarem Wedang Jeruk Anget, Asam Urat Minggat
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 28 Agustus 2026 06:38 WIB)
- Resensi
Penyakit asam urat saiki gampang dadi penyakit hing mung kanggo wong-wong hang wis cukup umur naming uga wong-wong hang magih enom antarane 20 – 30 taun. Sebabe, merga wong-wong hang urip ring jaman saiki iki gampang mangan enak tapi kurang obah (gerak - olahraga). Kakehan pegaweyan, stress, kurang olahraga, kakehan mangan daging-dagingan (daging merah), paran maning ditambah omben-ombenan hang manis-manis.
Penyakit iki tekane setemene teka polahe awak dhewek hang wis lali ambi kesehatan, umpamane kurang gerak mau. Menungsa jaman saiki obah sak tingkah nunggang montor sing gelem melaku merga kesusu diuber-uber wektu. Mancal utawa nunggang onthel wis sing kanggo, saiki nganggo sepidhah listrik ndulek tombole Melaku dhewek. Wis beda mesthine ambi wong-wong jaman bengen.
Gedigu iku magih ditambahi ambi panganan goreng-gorengan, sea food, jeroan lan panganan instan (cepat saji) hang nggarai tekane purin berlebih.
Kabeh iku gampang ndadekaken tumpukan kristal ana ring sendi utawa ros-ros belung ring awak rika, biyasahe ana ring dhengkul lan bongkote jempolan sikil lan ros-ros ring deriji tangan. Tumpukan kristal iku mau nggawe radang hang larane naudubillah. Cedhut-cedhut sing keneng dienggo obah.
Naming kadhung ajeg ngombe wedang jeruk pecel/nipis saban dina, sithik-sithik bakal ilang asam urate. Kandhungan vitamin C hang ana ring jeruk iku mau bisa ngurang gejala asam urat hang ana ring njero awak.
Carane
Wedang anget sak gelas dikeceri ambi jerukpecel/nipis separo bain. Mari diguthek diombe anget-angetan. Kadhung sing kolu Ngombe banyu jeruk anget iku mau bisa ditambahi uyah sithik. Kadhung magih sing kolu uga bisa ditambahi nganggo madu sithik. Hang penting ngombene kudu ajeg, aja mung ngombe sakjeke dhengkule lara, masiya wis sing lara kudu ngombe sakperlu dienggo netralisir asam urat hang setemene secara alami diasilaken awake merga sakperlu kanggo mecah purin. Anane purin merga ana panganan hang enak-enak mauka.
Kandhungan,
sifat alkalizing- hang ana ring jeruk pecel/nipis (masiya kecut kerasa nong ilat) nduweni efek basa ring njero awak/metabolisme), bisa netralaken asam urat lan nguweni dalan ekskresi liwat ginjal, gedhe anggone ngurangi frekuensi lan nemene serangan penyakit asam urat
Cacaken bain iki obat/tamba kuna wong Banyuwangi hang wis dipercaya sakat kuna-makuna
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf