Jeruk Pecel ring Magicom, Sega Sing Gampang Mambu
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 05 Agustus 2026 07:01 WIB)
- Resensi
Ring jaman saiki katone wis arang wong adang bengahan nganggo sublukan utawa nganggo kukusan. Saiki jamane wong adang nong njero umah hang nganggo pawon cilik merga umah-umah saiki wis sing kaya bengen duwe pawon hang jembar bisa nganggo bengahan adang nganggo geni. Umume wong adang saiki nganggo magicom sing nganggo geni naming nganggo tenaga listrik.
Sakliyane bisa gelis lan bisa ditinggal-tinggal adang sega nong magicom iki praktis sing kakehan pegaweyan. Berase cukup dipucusi aju dilebokaken wadhah hang arane magicom iki ditinggal mateng dhewek aju cemethet otomatis bisa ngangetaken sega sedina suwengi. Sega awet angete sing gampang adem.
Naming sega hang ana magicom iki suwe-suwe bisa ngeritip (kaya karak) atos uga bisa gampang mbanyu. Kanggo rika hang ana ring umah adang magicom mesthi ngalami hang gediki iki. Adang isuk soren wis mambu. Sega gampang ngeritip sampek atos kaya karak, Sega mbanyu sampek alid. Aja bingung merga iku ana cara hang gampang. Iku kabeh kadhung durung weruh cara adang ana ring magicom.
Carane
Kadhung rika adang ana ring magicom aja lali dicampuri peresan jeruk pecel/nipis. Cukup sak juring jeruk pecel/nipis kanggo beras ukuran seperapat kilo,
Peresan jeruk nipis dilebokaken nyang magicon dicampuraken nyang beras hang arep diedang. Utawa sakdurunge beras mateng nong magicom jeruk pecel/nipis sakjuring diperesaken nong sega hang magih karon aju diuled.
Campuran sega hang mari dikeceri jeruk iku bisa ndadekaken sega punel, sing gampang mambu utawa ngeritip, lan sing gampang alid utawa mbanyu.
Kandhungan
Asam Sitrat: Kandungan asam ana ring jeruk nipis bisa ngendhekaken uripe bakteri, ndadekaken sega ring magicom sing gampang apek lan sing gelis mambu, ngeritip lan sing mbanyu/alid.
Asam sitrat uga nggawe prosese gelatinisasi pathi nong beras gampang rata nggawe sega mateng bareng ana ring magiccom sakjerone beras diedang ana ring magicom. Merga iku bisa ndadekaken beras nggilap, dadi punel putih, lan katon seger.
Cacaken bain resepe wong kuna-makuna iki
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.