Garapane Kang Ujik


Mari rijig-rijig lan tata-tata kamare, Kang Amet ngerijigi sepidhah udhud. Selawase ditinggal kuliyah, saben isuk mung dipanasi mesine ambi apake. Mari sembayang lohor, iyane nggawa sepidhah udhude mudhun nyang kutha, nggoleti kanca-kancane hang bengen sak sekolahan ring SMA-ne. Naming kabeh kancane padha urip ngelakoni nasibe dhewek-dhewek ring kutha liya. Kerana nana hang dicaruki, iyane merdhayoh ring kanca-kancane hang padha-padha mari kuliyah ring Surabaya. Dina iku, Kang Amet mung bisa kecaruk ambi Saropik. Gesah ngalor-ngidul ngenengi lakone dhewek-dhewek.
“Eh, kancanrika Srinthil bengen ika kelendi kabare?” takone Kang Amet.
“Sri Handayani ika tah?” jare Saropik balik takon.
“Iyok… Rika nyeluke ra Srinthil….!”
“Iyok…polahe bengen kinthil bain ning Isun. Mulane Sun celuki Srinthil. Anu, tamat SMA bengen, tutup buku bokak terob!”
“Rika gok durung payu-payu, Pik? Patah hati tah?”
“Yaiku yah….ale wis Sun obral murah, nana hang nawa yah. Ha,ha,ha….!” Semaur Saropik ambi ketheng. Kang Amet sing kalah antere ulihe ngakak.
“Saiki manggon ring endi, Srinthil iku?” takone Kang Amet.
“Rika kari ngoyok kadhung neges yah! Bengen ana ati tah ning Srinthil iku?”
“Iya sithik…kerana keminthil ning Rika, Isun ya mundur teratur wis…Balik kanan maju jalan, ha, ha, ah…!”
“Rika ra sing weruh ceritane. Isun ambi Srinthil iku sak apak bida emak. Dadi Isun iki kelebu waline,” abane Saropik. Kerungu cerita kaya gedigu iku, Kang Amet nabok endhase dhewek ambi ndhenguh.
“Ngertiya gedigu, eh…wis…wis….kiwan iki arane…!” getune Kang Amet.
“Ha,ha,ha….tandhane nana jodhone…Kadhung jodho, ya ana bain dalane….Terus saiki Rika magih enggel?”
“Padha ambi Rika Pik. Wis masang iklan ring koran-koran, sing payu-payu, ha, ha,ha….!”abane Kang Amet.
“Met, hang enak ayok melaku-melaku!”
“Nang endi?”
“Wayah mene iki, ana acara Rujak Soto ring RKPD!”
“Radio Belambangan iku magih manggon ring njero pendhapa tah?”
“Ngalih wis…manggon ring Jl. Ikan Cakalang 3 Kampung Ujung”.
“Ye…ning kana? ya ayok talah!” ajake Kang Amet.
“Acara Rujak Soto iku kelendi maksude?”
“Acarane radhiyo. Masa kene teka disuguhi rujak soto. Penyiyare iku maca surat utawa kupon nganggo Basa Using. Gendhing hang diputer ya gendhing-gendhing Using kendhangkempulan,” jare Saropik. Kang Amet njunjung-njunjung alis.
“Kadhung gedigu, ayok talah gancang!” ajake Kang Amet ambi nguyup kopi aju gancang metu teka umahe Saropik, sepidhah udhud dijeglekaken, Saropik nututi munggah ring goncengane.”Ndhreen…..ndhreen…..” sepidhah udhud metu teka lompongan Mojopanggung. Saksuwine ring dalan, Kang Amet lan Saropik sing kathik gesah. Weruh-weruh gadug perapatan bucu kidul-wetan lapangan Taman Belambangan. Ngetan sithik Kang Amet lan Saropik melebu ring latare setudhiyo Radio Khusus Pemerintah Daerah [RKPD] Tingkat II Banyuwangi.
“Hang siyaran saiki iki sapa?” takone Kang Amet.
“Mas Kakang Soeroso,” semaure Saropik.
“Arane kari apik. Buru tumon iki Isun,” abane Kang Amet.
“Engko takon ning uwonge, arane gok Mas Kakang,” jare Saropik.
   Wangune, Mas Kakang Soeroso maca kupon pungkasan lan hang diputer uga gendhing pungkasan. Sedhela engkas acarane ganti Pilihan Lagu Melayu hang diasuh ambi Mbok Ririn Aries. Gendhing “Sing Ana Jodho” diputer Mas Kakang Soeroso. Kang Amet lan Saropik melebu ring setudhiyo 3, panggonane penyiyar nemoni dhayohe. Uwong telu iku gesah ngenengi masalah gandrung terob hang dikothori kelawan ombenan hang mendemi. Saropik nyampekaken kadhung masalah ombenan mendemi iku mula ana hang nyepongsori. Bathine diedum pertelonan. Sak pertelon kanggo tuwan rumah hang ngundang gandrung, sak pertelon kanggo hang adol lan sak pertelon maning kanggo dhekeng penjamin keamanan. Mas Kakang Soeroso meringis ambi manthuk-manthuk.
“Ayo golet panggonan hang enak lan aman kanggo nggesahaken bab mendem ring jerone tontonan gandrung terob,” ejake Mas Kakang Soeroso ambi ngadeg teka kerosi. Uwong telu iku metu teka setudhiyo RKPD Tk.II Banyuwangi.