Rombongan penari hang arep milu ring gelaran Gandrung Sewu teka Sumatera Selatan belahi selamet tepak kapal hang ditunggangi teka Bakauheni Lampung nyang Merak Banten, yaiku KMP Batu Mandi, kobongan dina Selasa 20 Okt.
Rombongan sekabehe penari gandrung teka Palembang setemene ana wolung lare. Siji wis nong Banyuwangi, hang loro melaku nganggo montor dhewek, dene hang lima milu nunggang montor hiace carteran bareng ambi 10 wong pengiringe, jare Ketua Ikawangi Sumatera Selatan Kang Suroso.
Ana lare lima gandrung hang ana ring kapal yaiku:
1. Elisabeth Fitri Dwi Lestari
2. Milda Cahyati
3. Valencia Rara Puri Ramadhani
4. Nadia Niken Setiawati
5. Sefita Apriliani
"Posisi penumpang selamet kabeh. Naming kabeh penganggo lan barang keperluan pribadi ring njero montor hiace milu kobongan," jare Kang Suroso. "Emane kelambi gandrunge wis Sun cepakaken ring Banyuwangi.
Emane maning ana bantuwan teka wakil Ketua Ikawangi Pusat hang manggon ring Tangerang Raya (sak propinsi ambi pelabuhan Merak) yaiku Pak Sujiono, aju rombongane bisa digoletaken kendharaan pengganti, nunggang bis Rosalia hang nuju Jember.
Ikawangi Sumatera Selatan wis ping telu iki ngirimaken penarine milu Gandrung Sewu. Taun iki Gandrung Sewu arep digelar dalu-dalu tanggal 24 Okt.
Kang Suroso ngomong gok rombongan teka Palembang totale ana wong 40, kelebu iyane hang arep mangkat dalu iki nunggang kendharaan pribadi. "Engkisuk ana maning wong telu nyusul nunggang kendharaan pribadi pisan."