Bimtek Kanggo Nguwataken Basa Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Agustus 2026 06:56 WIB)
- Laporan



Dinas pendidikan Kabupaten Banyuwangi paling unggul kadhung nganakaken pelatihan kanggone ningkataken kompetensi guru. Paran maning hang nuansa-ne Banyuwangi. Kaya contone literasi bahasa Using. Taun iki magih ana maning Bimtek Basa Using. Pesertane ana sekira satus uwong yaiku dipiloni guru SMP lan SD sak Banyuwangi. Bimtek Basa Using taun 2026 taun iki digelar rong dina tanggal 20 lan 21 Agustus.
   Pak Erpandi minangka Kabid SD hang duwe iwuh. Milu hadir lan mbukak acara Pak Dr. Alfian (Plt. Kepala Dinas Pendidikan), Pak Karyono (Kepala Sekolah SMPN 2), lan Pak Prastono (Ketua KKG Basa Using SD).
   Pak Alfian ring pidhatone duwe angenan kadhung konten basa Using iki dilebokaken nang medsos. Embuh iku akun-e sekolah utawa akun liyane. Makene nambahi urip-uripe basa Using ring kalangan lare enom-noman.
   Materine hang diwulangaken dina Kemis sore yaiku Sastera digawa ring Juwono lan Istiklah, Pidhato ring Nani Asiany lan Wiwik Widiyati, Ngewer ring Akhmad Ali Murtono lan Sri Rahayuningsih, Gurit ring Yeti Chotimah lan Muh. Sufyan Syah.
   Hang unik wayahe nulis guritan, tepak perakteke guru-guru hang milu pelatihan urunan ucap. Saben guru urunan sak ucap. Diterusaken sepuluh guru hang wis urunan ucap, direngga dadi siji utawa rong ukara. Teka sepuluh kelompok ulih 18 ukara utawa kalimat. Wolulas ukara iku mau direngga maning dadi gurit hang temane ngeregani guru lan wong tuwek. Asile gurit mau diwacakaken ambi Kang Sofyan sekaligus nutup materi Guritan.
   Dina Jemuwah materine hang diwulangaken yaiku Ndongeng ring Tjahyono Rudi Rijanto lan Istipadah, Cerita Cendhek ring Heni Kurniawati lan Nidaul Hasanah, Nembang ring Mohammad Ikhwan lan Prastono Santoso lan Macaan Lontar ring Alif Maulana lan Duriatul Latifah.
    Tingkat kesulitan dina kepindho saya seru. Naming kabeh pemateri mula mumpuni. Dadi peserta bisa gampang ulihe nampa materi. Conto wayahe Ndongeng, Kang Rudi ngajari kelendi bisa molah-malih suwara lan nggawa serta nggawe cerita hang nduweni bobot.
   Wayahe Nulis Cerpen, dijelentrehaken ambi Mbok Heni, kelendi carane mulai nggawe judhul hang apik sampek cerita hang adiluhung lan bisa resep ring ati.
   Paran maning tepak wayahe Kang Wan hang ahli Nembang. Ambi nggawa bahola kang umure wis tuwek seru. Kang Wan ngajari cara cengkok lagu basa Using. Contone Kembang Pepe.
   Hang pungkasan, Kang Alif nguweni materi Maca Lontar lan nguweni conto cara-cara maca lontar, cara maca aseli ambi cara maca kembangan.
   Jare Kang Fendi peserta teka SMPN 2 Cluring, "Muga muga Basa Using terus ana sampek enteke jaman." Mula Kabeh peserta seru dhemene sampek lali kadhung wis mangkat tarhim.

Yeti Ch


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor