Bintang Iklan teka Desa Licin, Banyuwangi, Jamil Segara, saiki pegaweyane mung leles sega MBG lan pecake romot sayuran.
Suwi sing katon main iklan, Jamil lare Using hang modhal nekat mboro nyang Jakarta taun 2003 kepungkur, saiki mung leles sega MBG ring sekolahan lan muputi romote pecake sayuran ring warung-warung welija.
Bengen teka ring Jakarta kelawan nguber cita-cita lan impenane dadi artis. Ring unggahan sosial medhiyane, tiktok, @jamil_segara_official: https://vt.tiktok.com/ZSbAPhS43/ tanggal 20/09/2026 kepungkur iyane katon kelesodan ambi ngirisi romot pecake sayuran lan ana sega sisa ring keresek abang.
Tepak ditakoni, iku mung sukur konten tah kelendi, iyane njawab, dudu konten tapi mula temenan.
Jamil cerita saben dina leles romote sayur lan sega MBG sisa dienggo makani pitik rawatane. Sayur lan sega dienggo campuran dhedhek bisa lebih irit lan uga lebih sehat. Paran maning pitike doyan seru.
"Timbang meneng Pak. Job Iklan lan Entertain nggih tasik, tapi sepi panggilan. Ngerawati pitik mawon mumpung enten lahan hang dipasilitasi teng sampinge kontrakankula. Lan belajar tani nandur-nandur, kadhang nggih ambi ngojek online, nyupir lan MC kapan enten panggilan. Atase mula anake wong melarat diengge napa isin Pak, Kula ring ndesa bengen nggih tau nguli bangunan," jare Jamil.
Jamil iki wis tau dadi Bintang Iklan Sambel ABC Extra pedas ambi chef Bara, Iklan Kementrian ATR/BPN, Iklan Asuransi Takaful Brunei Darussalam, Iklan Home Credit Indonesia iku kabeh Pemeran Talen utama lan iyane bisa sercing Google Bain. Kapan FTV Kuasa Ilahi mung dadi peran pembantu Utama, sinetron uga mung dadi pemeran harian durung tau dadi pemeran utama. Ring pilem bioskop uga durung tau ulih peran utama. Pilem Lintrik produksi lokal Banyuwangi ulih peran utama tapi magih proses durung tayang.
Thulik kelairan 1980 iki mung golet sandhang pangan dienggo keluwargane. Saiki wis sing ambisi dadi artis merga wis tau weruh rasane dadi pemeran utama masiya mung Bintang Iklan. Dadi piguran ya wis tau dibayar mung selawe ewu. Diapusi pihak casting dikongkon mbayar limangatus ewu uga tau sampek adol kalung bengen kawitan teka ring Jakarta.
"Kabeh niku takdir dugi Alloh, hing keneng diuber pun, hang penting tetep ihtiar lan aja gengsi megawe paran bain. Muga-muga mengarep bisa dadi pengusaha kapan duwe modhal kerana dadi artis wis hing payu nawi," jare Jamil ambi ngakak mungkasi omongane.
Bintang Iklan Asal Licin Saiki Leles Romot lan Sega MBG
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Hani Z. Noor