Dinas Pendidikan Ngukuhaken Perlindungan Anak
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Agustus 2026 06:37 WIB)
- Laporan
Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi terus ngukuhaken janjine nggawe lingkungan sekolah hang aman, nyaman, lan ramah kanggo lalare sekolah.
Kepala Seksi Peningkatan Mutu Pendidik dan Tenaga Kependidikan SD Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi, Pak Erpandi, ngomong gok iwuh iki tujuwane nguwataken pengerten lan kapasitas kepala sekolah uga guru kanggo nerapaken carane nyegah lan nangani kekerasan ring lingkungan sekolah.
Iwuh hang diwani aran Fasilitasi dan Advokasi Pencegahan dan Penanganan Kekerasan di Satuan Pendidikan Jenjang SD Tahun 2026 iku digelar rong dina tanggal 18–19 Agustus 2026, ring SMP Negeri 1 Glagah.
Kegiyatane dipiloni 100 wong kelebu kepala sekolah lan guru SD teka pirangane kecamatan ring Kabupaten Banyuwangi. Saben kecamatan ngirim perwakilan rong kepala sekolah lan rong guru kanggo milu kegiyatane iku.
“Kelawan anane kegiyatan iki, kene ngarepaken satuan pendidikan saya duwe pengerten hang kuwat bab upaya nyegah kekerasan, bisa ngarti macem-maceme wujud kekerasan, uga bisa ngeterapaken cara hang tepak bangete ana masalah ring lingkungan sekolah,” ujare Erpandi.
Miturut Pak Erpandi, nyegah kekerasan dudu mung tanggung jawabe sekolah, taping uga digendhong indhit ambi kabeh warga satuan pendidikan. Kepala sekolah lan guru duwe lakon seterategis ring mbangun budaya sekolah hang aman, inklusif, padha-padha ngajeni, uga ngewani perlindungan nyang murid.
Ring kono, para peserta ulih pituduh carane ngadhepi kadhung ana kedadeyan kekerasan kelawan cara hang bener, bisa diukur lan ngutamakaken kepentingane murid-murid sekolah.
Kuwate kapasitas kepala sekolah lan guru, dikarepaken sekolah jenjang SD ring Kabupaten Banyuwangi saya bisa nggawe sekolah hang aman, nyaman, lan hing ana maning kekerasan, makene murid-murid bisa sinau lan ngembangaken awake kelawan optimal.
(Nanang Kuswoyo)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.