Nguri-uri budaya Tanah Kelairan nang endi bain kaya temancep jeru ring atine wong Banyuwangi. Dina Minggu (20/9) sore kumpulane wong Banyuwangi sak Jawa Timur nggelar Gebyar Seni Banyuwangi (GSB) dan Jawa Timur ring Gedung Kartika Makodam Brawijaya Surabaya.

   Acara hang nampilaken tari, gendhing-gendhing Banyuwangi lan janger iki kewujud masiya sedurunge arep dianakaken ulan Juli sabene 

   Dikarepaken acara GSB iki dadi wadhah kanggo saya rakete sedulurane wong Banyuwangi ring perantauan, hususe noring wilayah Jawa Timur, jare Ketua Ikawangi Jawa Timur Kang Ahmad Fauzi hang saiki dadi Komisaris Utama Petro Gas Jatim Utama. Wong Using deles asal Banyu Putih, Macan Putih iki bengene uga ketua DPD SPSI Jawa Timur.

   Wong Banyuwangi hang teka ring iwuh iku kaya digerojog banyu kanggo ngelake serta disuguhi tari jejer Gandrung Kembang Menur, tari Jakripah, tari Manuk Garuda, tari Rodad Syiiran hang kabeh diiringi gamelan teka grup kesenian Janger Tanjung Wangi Budoyo hang dihadhiraken teka Jajangan, Sumber Buluh Songgon. Aju sak mareke isoma, acara diterusaken ambi pagelaran janger lakone Prabu Tawang Alun.

   Acara iki digelar setaun sepisan, taun ngarep rencanane dianakaken ring Mojokerto utawa ring Malang nganteni keputusan hang magih arep dirembugaken bareng kabeh anggota komunitas.

   Iwuh iki disokong pirangane komunitas wong Banyuwangi sak Jawa Timur kayata Gapura Blambangan, Ikawangi Surabaya, Ikawangi Malang, Ikawangi Gresik, Ikawangi Mojokerto, Laros Bersatu Surabaya, Tirto Arum, Sekar Wangi, para mahasiswa Banyuwangi teka Uinsa, Unesa, STKW, Unair, ITS, UPN, PENS.

    Komunitas wong Banyuwangi hang ana ring Jawa Timur nduweni atusan anggota hang aktip lan ewonan hang hing kedhaptar milu komunitas, kayata Ikawangi Jember (320 anggota), Ikawangi Surabaya (130), Ikawangi Gresik (90), Ikawangi Mojokerto (25), Ikawangi Nganjuk (24), Ikawangi Tuban (73), Ikawangi Malang Raya (117), Gapura Blambangan, wadhah para seniman asal Banyuwangi (130 anggota), Laros Bersatu Surabaya (80), Sekar Wangi (50).

(Taufik Saleh - Malang)