Kecamatan Muncar Ngawiti Seleksi Kanggo Literasi Using

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 25 Agustus 2026 06:09 WIB)
- Laporan



Kecamatan Muncar ngawiti milih peserta Banyuwangi “Literasi Using” 2026 dina Sabtu (22/8/2026) ring SD Negeri 4 Sumberberas.   
    Kegiyatan iki tujuwane kanggo njaring peserta hang paling apik hang arep makili Kecamatan Muncar ring tingkat Kabupaten Banyuwangi.
   Ana 121 peserta hang milu enem mata lomba, yaiku Aksara/Ejaan Basa Using (17 peserta), Nulis Crita Cendhek (26), Ndongeng (18), Nembang (14), Pidhato (18), lan Maca Geguritan (28).
Sewetara, rong mata lomba, yaiku Ngewer (Stand Up Comedy) lan Memengan Sandhiwara, durung ana pesertane.
    Kepala Korwilkersatdik Kecamatan Muncar, Lilis Pawestri, S.Pd., ring sambutane nyampekaken gok ambekaneya Muncar dudu wilayah mayoritas penutur Basa Using, naming masarakate tetep nduwe tanggung jawab kanggo nyokong lestarine basa lan budaya Banyuwangi.
   “Masiya masarakat Muncar sebagiyan ana suku Madura lan Jawa, kene tetep dadi bagiyan teka Kabupaten Banyuwangi. Mulane, mayo padha nyokong lan nguri-uri Basa Using minangka basa dhaerah Banyuwangi,” ujare.
   Nyang lalare para peserta, Lilis ngewani wekas supaya milu seleksi kelawan percaya diri, temenanan, lan hing wedi luput.
   “Aja mung nguber juwara. Dadekaken kegiyatan iki kesempatan kanggo sinau, dhemen nang Basa Using, lan milu njaga budaya Banyuwangi,” pesene.
    Kegiatan seleksi melaku kelawan antusias lan dadi salah siji wujud janjine Kecamatan Muncar kanggo nyokong lestarine basa lan budaya dhaerah.

(Nanang Kuswoyo)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor