Laporane Aguk Wahyu Nuryadi

Bumi Nusantara iki nyimpen akeh temenan werna-warni teradhisi lan budaya. Dadi, ya aja kelunjuk dhung ring saben dhaerah bisa ditemoni atusan, malah ewonan cara masarakat nguri-uri budaya tinggalane para leluhure dhewek.
   Ring Banyuwangi, noring Dusun Derwono, Desa Balak, Kecamatan Songgon, ana salah siji sanggar utawa padhepokan hang dadi markase Komunitas Sonangkara.
    Tepak ditekani, semebrung ambune menyan lan dupa wis mambu puluhan meter sakdurunge nggadug lawange.
    “Panggonan iki Hun arani nDalem Jayadiningratan. Panggonan kanggo kumpule para lalare enom-noman hang padha milu laku budaya lan sejarah, hang uga kepingin sinau kegiyatan spiritual,” jare Wong Agung Mukti Jayadiningrat hang kerep diceluk Mas Agung. Iyane direwangi Ki Rekso Dipo alias Gito Okid, youtuber Jowo Dwipo asal Pesucen hang biyasah nggawe gendhing Using lan artis dekorasi syuting setudhiyo gendhing Banyuwangi.
   Mas Agung, lair ring Gg Mutiara, Kelurahan Lateng, kutha Banyuwangi, magih mambu-mambu dulur ambi Mas Suroso Grup Musik Mutiara lan arti penyanyi Yon's DD iki, kepingin ngedumaken uripe kanggo nguri-uri warisan budaya leluhur bangsa Belambangan.
   Kawitane Mas Agung ngelakoni kegiyatan ritual dhewek. Cumpu ana lalare enom-noman lanang wadon hang meneng-meneng nggatekaken lakune.
    Serta lalare hang teka iku akehe sampek 17 lare, aju iyane mangkat ngedegaken Komunitas Sonangkara.
   “Merga akeh-akehe wong-wong iku padha dadi pegiyat budaya lan wigati nyang sejarah, dadi hing patiya abot anggonisun njelasaken paran hang  Sun lakoni saiki. Yaiku upaya utawa ihtiar nguri-uri budaya tinggalane Kerajaan Belambangan,” jare Mas Agung.
    Nganggo dhasar kesepakatan, komunitas iki nganakaken pertemuan lan ritual bareng saben malem Jumat Kliwon.
   Panggonane digilir ring umahe anggota komunitas lan kadhang dipilih situs-situs sajarah utawa petilasan, kelebu Alas Purwo ring Banyuwangi kidul.
   Hang pungkasan, Sabtu 3 Oktober 2026, digelar ring pesareyane Buyut Atika Pucuk Giri, Puri Gumuk Merang Penataban, Makam H Slamet Oetomo, lan Buyut Cungking Wongsokaryo.
   Kadhung aran Sonangkara, Mas Agung njelasaken, iku sebutane pasukan elit Kerajaan Belambangan ring jamane Pangeran Danuningat (1736–1763).
   Lambang hang dienggo yaiku asu alas hang diarani wong Banyuwangi kelawan aran Baong. Buktine akeh petilasan Panji Baong utawa Panji Sonangkara hang ditemokaken sakat teka alas Pasewaran, Baluran, sampek Pantai Bentar, Kabupaten Probolinggo.
   “Isun ndeleng dhewek ana baong tepak ndhampingi peneliti sejarah awal Belambangan!”
Panji Sonangkara ngelambangaken mituhu lan setya nyang pemimpin, uga kerukunan lan ketangkasan tim tepak ngalahaken musuh.
   “Nilai lan pilosopi Panji Sonangkara iku hang nyacak diperujukaken nyang enom-noman. Supaya generasi penerus bangsane dhewek duwe watek. Sakliyane iman lan takwa, lalare iku ya kudu nduwé budaya budi luhur kaya generasi sadurunge,” jare Mas Agung.
   Tanpa kaweruh lan tuntunan, generasi enom-noman bisa keseret ring kegiyatan ritual hang pungkasane nuju nyang kelenik.
   “Dadi kudu dibedakaken antarane ritual lan spiritual. Kadhung sukur ritual taping hing ngerti tegese, iku mbelaheni,” jare Mas Agung.
   Kancane Agung, youtuber Eko Ndut, hang uga biyasah ndhampingi ring Pasar Wit-Witan Alasmalang saben Minggu isuk lan ring Agrowisata Taman Suruh saben ahir minggu kanggo konsultasi bab penerawangan jati dhiri lan kodam.