Lare Boyolangu Anak Pupone Damar Diwisuda ring UI
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 24 Agustus 2026 07:37 WIB)
- Laporan
Lare Boyolangu Banyuwangi hang dadi anak pupon Paguyuban Damar 84, wis diwisuda minangka sarjana Keperawatan dina Sabtu (22/8) sore ring Universitas Indonesia.
"Makili Paguyuban Damar 84, Isun milu girang lan mongkog," jare Kang Budi Susanto, Ketua Damar hang buru ngganteni ketua hang sedurunge ulan Juni 2026.
"Iki minangka bukti hang kewela-wela gok saben lare, Banyuwangi hususe, bisa nduweni impen kang dhuwur," tambah Kang Budi.
Frisca lare kembar kelairan 2003, lulus teka SMAN 1 Giri jurusan IPA lan liwat SNMPTN keterima ring Ilmu Keperawatan Universitas Indonesia. Dene adhik kembare, Jesica Meidyas Putri, lulus teka SMA hang padha taping jurusan IPS. Tepak iku Frisca rada mang-mangen. Lare iki wong tuweke wis pisahan. Saiki ibuke manggon ambi embahe ring Boyolangu. Ibuke hang aran bu Nurul dadi guru ring PAUD Boyolangu pareke masjid Baitul Muttaqien Boyolangu. Salah siji anggota Damar hang dadi tanggane yaiku mbok Bintarti, rungu, warah nang Damar hang aju ngelungaken bantuwan, ditukokaken laptop, disangoni menyang Jakarta, diwani tambahan picis asrama lan kebutuhan kanggo wisudane sore.
"Alhamdulillah, terima bantuwane para sedulur Damar kabeh," jare Frisca tepak mari wisuda hang ditekani ibuke lan adhike Jesica. Mari iki Frisca magih nerusaken kuliyahe kanggo Profesi keperawatan setaun engkas. Dene Jesica dhewek ulan Oktober iki arep diwisuda dadi sarjana Basa Inggris ring Universitas 17 Agustus (Untag) Banyuwangi.
Ring Untag kono ana wakile Damar yaiku Dr. Erika Saraswati, tau dadi wakil rektor Untag tepak Frisca arep mangkat nang Jakarta, hang milu ngurusi bantuwan kanggo Frisca. Erika ngomong Jesica aktip megiyet ring modelling, ring UKM Kepribadian lan tau dadi Duta Kampus.
"Yaiki salah siji wujud programe Damar ngawal lalare potensial ring Banyuwangi kanggo nggayuh cita-citane," jare Kang Budi.
Organisasi Damar 84 minangka paguyuban alumni Banyuwangi angkatan 1984 teka macem-macem sekolah ring Banyuwangi ngupaya dadi organisasi hang ngewani manpaat kanggo wong akeh, utamane hang parek-parek. Programe antarane yaiku Dana Bergulir kanggo anggotane keneng dienggo modhal usaha lan tanpa bunga, ngewani beasiswa nang anake kanca-kancane, ngewani bantuwan sembako kanggo wong hang mbutuhaken tepak ana pageblug, lan nggawe pelatihan-pelatihan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.