Ndeleng akehe jadwal iwuh budaya hususe kesenian teradhisional, paran maning sakat melebu kalender wisata ring Banyuwangi, mesthi bain sing bisa dilalekaken kiprahe sanggar-sanggar kesenian. 

    Teka sanggar-sanggar kesenian iki talenta-talenta Banyuwangi bisa tampil sagah sampek ukuran internasional ring negara manca. 

   Kadhung ndeleng nganggo tasemake wong dhaerah liya, mesthi hing masuk akal. Umpamane tepak seleksi penari Gandrung Sewu, ana lebih 5000 lare hang dibeliyaki disaring sampek ketemu angka lebih 1000 penari. Ring dhaerah liya, aja maning itungan ewon, golet silihan kelambi teradhisional 100 bain durung karuwan ana.

    Naming ya rata-rata hang dadi pusere sanggar iku juged/nari, sedheng hang gelem ngopeni panjak hing patiya akeh.

   Salah siji hang sanggar hang milu ngeliri keluwung seni teradhisional Banyuwangi yaiku Joyo Karyo (JK) hang kantore ring Singotrunan taping sanggare manggon noring Dukuh Sawahan, Pengantigan, kutha Banyuwangi. 

    Saiki iki JK ngumumaken hang kawitan kanggo lalare milu Sinau Tradisi ring sanggar.

   "Maune mung ngerangkul lan nguwadhahi lalare lingkungan sakubengan ambi murid-murid hang diajar ring sekolah-sekolah," jare Elvin Hendratha, pembina JK.

   JK iki wis koncar-kancir dadi juwara ring lomba, nyipta tari lan puluhan gendhing teradhisional, nggelar konser gedhi kolaborasi musik lan derama kaya Wajiwa Pandome Urip. Hang pungkasan diundang makili Banyuwangi ring Yogyakarta Gamelan Festival. Dadi hing maido JK iki ulih pirangane penghargaan. 

   Saiki ana kira-kira 70an lebih lalare lanang wadon hang sinau tabuhan lan jugedan. Mula katon mata kadhung Sanggar Seni Joyo Karyo iki salah sijine sanggar hang aktip lan produktip ring tengah-tengah kutha. Kayane hing ana liyane sanggar seni hang aktip duwe agenda kaya JK. Sakat teka pelatihan lan workshop, nyipta tari lan gendhing sampek nggelar pertunjukan. Teka milu festival sampek nang kolaborasi ambi lembaga liya.

   "Mulane kelendi carane tetep ana hang mulang lan ana hang sinau, makene kadhung ana tanggapan sing sukur njuwut teka kana kene," jare Elvin.

   Mangkane masiya wis diumumaken JK hing ana target kuota pirang lare hang diwuruki.

   Saben minggu ana hang teka mung papat ya tetep melaku.

   "Ring sanggar iki ring dina Minggu isuk ana lalare sinau njuged hang cilik-cilik TK lan SD. Aju rada bedhug sitihik hang SMP. Soren-soren ana sinau tabuhan lalare TK lan SD kanggo ngenalaken larasan uga gendhing-gendhing teradhisi. Ring dina Senen bengi ana sinau tabuhan hang kelas SMP lan SMA (sinau giro lan gendhing pengiring tari).

   Dina Selasa bengi ana sinau njuged hang kelas SMP lan SMA (sinau tari kreasi hang wis ana uga kadhang sinau paes utawa make up).

   Ring dina Jemuwah bengi ana sinau gendhingan alat modheren lan kolaborasi. "Iki hang teka golongane campur-campur kadhang ana seniman senior lan sahabat-sahabat Joyokaryo," jare Elvin.

   Malem Minggu biyasahe diisi hang wis rada mahir, sinau nggarap gendhing anyar, nggarap tari anyar uga sinau gendhing-gebdhing giro hang wis kependhem sing tau diunekaken.

   Taping benertah Banyuwangi krisis panjak?

 

(Ana terusane)