Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan ulih Anugerah Sutasoma 2026 kategori Komunitas Sastra Terbaik hang dielungaken ring Balai Bahasa Jawa Timur.
Anugerah Sutasoma iku penghargaan sastra taunan hang dianakaken ring Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur — unit pelaksana teknis Badan Pengembangan lan Pembinaan Bahasa Kemendikbudristek kanggo wilayah Jawa Timur.
Ketua SKB, Antariksawan Jusuf, makili paguyubane ngucapaken terima hang gedhi nang BBJT lan hususe para pegiyat basa Using, penulis basa Using, hang sing ana ngepose milu njejegaken basa Using kelawan terus ajeg nulis karya nganggo basa Using.
Saben taun Sutasoma iki dianugerahaken kanggo pitung kategori yaiku:
1. Sastrawan berdedikasi: Mardi Luhung teka Gresik
2. Karya Sastra Indonesia terbaik: Romzul Falah penulis puisi Balai Desa dan Hantu-Habtu Nippon (dan Balada Orang-Orang Batuputih)
3. Karya Sastra Daerah terbaik: JMV Sunarjo, penulis nivel Kembar: Arum-Arume Blanggreng Kembang Kopi
4. Komunitas Sastra terbaik: Sengker Kuwung Belambangan
5. Esai/Kritik Sastra terbaik: Muhammad Tauhed Supratman kelawan judhul buku Lukamu Abadi: Kajian Hermeneutik Terhadap Kumpulan Puisi Ranjang Poskolonial Karya Royyan Julian
6. Guru Bahasa dan Sastra Indonesia berdedikasi: Ahmad Zaini teka Lamongan
7. Guru Bahasa dan Sastra Daerah berdedikasi: Sulastri teka Pasuruan
Sakat digelar taun 2009, taun iki wis nggadug iwuh hang kaping 18. Tujuwane yaiku minangka wujud apresiasi kanggo para sastrawan, penulis, guru, lan komunitas hang duwe dedikasi kanggo ngembangaken sastra Indonesia lan dhaerah ring Jawa Timur.
Aran Sutasoma dijumput teka mahakarya pujangga jaman Majapahit, Kakawin Sutasoma karyane Mpu Tantular. Ring jero kakawin iku ana semboyan Bhinneka Tunggal Ika hang disilih lan dienggo semboyan negarane dhewek.
Pemenange ditemtoaken ring panitiya lan dewan juri hang ngemati, nggoleti lan nampa usulan teka masarakat. Dadi hang dibiji hing kathik ndhaptar..
Ketuane Dewan Jurine Prof. Dr. Djoko Saryono M.Pd. teka Universitas Negeri Malang. Pemenange ulih piyagam lan picis pembinaan.
Ring iwuh iku uga dielungaken Penghargaan Majelis Sastra Asia Tenggara (Mastera) kaping 10 nyang Prof.Dr. Akhmad Taufiq, M.Pd. kanggo bukune hang judhule Politika Sastra: Ruang Diskursif Ideologi dan Imajinasi Politik Kebangsaan.
Sengker Kuwung Belambangan Nampa Anugerah Sutasoma 2026
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Hani Z. Noor