Garapane Totok Hariyanto
Keyakinan kang magih tetep diugemi ambi dulur Kemiren yaiku cerita ring kesenian Barong iku sing ulih diuwah, embuh ditambah embuh disuda. Angger tampil cerita kang digawa ya cerita kang wis diterangaken ring ndhuwur. Kadhung wewarah iki diterak, belahi kang bakal diterima.
Makene selamet ulihe nggelar seni Barong sajen kang kudu dicepakaken yaiku: kembang pitung rupa, menyan, gedhang selirang, kelapa ijo siji.
Nguri-uri Kesenian Barong
Kaya kang wis dijelasaken nong ndhuwur, kesenian Barong iki kari mung petang grup kang magih nduweni ciri has Using. Mula nguri-uri kesenian iki dadi tanggung jawabe kita kabeh, hususe dulur Kemiren kang kudu ngucap sukur kerana diwarisi kesenian Barong iki. Carane nguri-uri ya diserahaken nyang kang duwe yaiku dulur Kemiren. Parane bain kang dibecikaken, tabuhane tah, jugedane tah lan sepiturute.
Naming kadhung dulur Kemiren duwe keyakinan kesenian iki sing ulih diuwah kita kabeh kudu ngurmati. Polahe kesenian Barong kanggone dulur Kemiren dudu mung dienggo hiburan bain, naming lebih jeru teka iku yaiku ngerumat sesambungan batin nyang leluhur, yaiku Buyut Cili. Iki kang sing ulih diuthik ambi wong njaba.
Bida maning persoalane, kadhung jaman wis melaku adoh, lan dulur Kemiren nganggep perlu ngimbangi jaman, ya paran karepe dulur Kemiren. Kang perlu diengeti yaiku sing ulih ngarani apik elek kesenian kelawan nganggo ukuran ring njabane kesenian mau. Contone, ngarani elek apik kesenian nganggo ukuran kemodherenan, utawa keagamaan. Polahe angger uwong, angger komunitas duwe keyakinan, nduweni ukuran moral, seni dhewek-dhewek kang kudu diurmati.