Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 07 Juni 2026 05:38 WIB)

(Cerita Cendhek) Pak Enek


Anggitane Kang Ujik

Kantor Lurah Karangrejo ana ring wetan dalan, katon magrong-magrong. Bangunane gedhi, latare wera lan dhuwur pendhapane. Masiyatah wis ring buritane magih sawah lan sing pati ana umah. Ring elore ana bangunan hang jare arep dienggo pasar, naming sing kewujud. Bengen-bengene panggonan iku kesebut komplek. Mungguha lare-lare sekolah, komplek iku nduweni arti kumpulane umah ring siji wilayah, hang urip ring jerone nduweni penggaweyan hang padha. Kaya umpamane, komplek perumahan Kodim, komplek Asrama Pulisi lan saktunggalane. Naming mungguha uwong muyab, kerungu aran komplek kesebut, arah pikirane yaiku siji wilayah kampung ring Karangrejo hang saben umahe dienggo jaja “apem jinggot”. Akeh makelar lan tukang kepruk hang jagongan ring kana. Ring wates dalan melebu metune uwong  ana lawangkorine, panggonane janggolan becak. Adate uwong hang teka nunggang becak, mudhune ya ring lawangkori iku. Semono uga hang mari “ngecrotaken kecap” kadhung mulih nunggang becake ya teka lawangkori kana.
      Ana lare lancing arane Samud, sekolahe mung gadug SMP milu-milu megawe ngelas. Kanca akrabe arane Sorik kemplut. Umure adoh-adohan. Samud buru 18 tahun, Sorik kemplut uwis umur 42 tahun naming sing gelem rabi. Paran jalarane, nana hang weruh. Jare merga lara ati ditinggal laki sir-sirane. Mulane, saben malem Minggu, mari nerima bayaran sing aju mulih ring umahe. Mari rijig-rijig awake, aju salin penganggo hang mula digawa teka umahe ring Pendarungan kana. Semono uga Samud. Lare loro iku padha dene.
    “Pak, ana -pitik- anyar?” takone Sorik kemplut ring uwong hang lungguh methingkrang ring kerosi ngarep umah cilik. Damare remeng-remeng. Ana abane gendhing-gendhing kendhang kempul teka kamar umah iku.
    “Enek….aja kuwatir…kamar kene selalu orisinil…!” semaur uwong iku mau hang umure kira-kira uwis nggadug suwidak lima tahunan. Pipine uwis kempong emeh kaya Sorik. Paran maning dienggo nyedhot udud gelintir hang gedhine emeh kaya conthonge kacang iku.
     “Mud, Sira goleta ring -kombong- liya bain!” kongkone Sorik ning Samud hang aju manthuk.
       “Eh…hing usah golet ning liyane…umah iki kamare telu. Isine buru loro…..Buru teka soren kene mau,” abane uwong tuwek iku hang kadhung ditakoni masalah “barang” anyar, semaure : “Ene….k!”. Mulane ambi uwong-wong lanang hang mula langganan diceluki Pak Enek. 
   Aran aseline jare Tamyis ledep. Serehne umahe uwis ditekani dhayoh loro, selambu cendhela eram-raman kawat diselerekaken lan lawang, umahe dieneb, digembok teka njaba. Pak Enek lungguhe ngalih ring buritane umah. Ongkang-ongkang ambi nyawangi sawah hang disentor padhange ulan tanggal limalas jawa.
      “Ekhem……!” dhehem Sorik kemplut ambi lungguh ring kerosi pintil. Kerungu ana abane uwong dhehem, salah siji lare wadon metu teka kamare aju pecik-pecik rambute hang ngerewek. Samud ngawe, lare wadon iku mara lan lungguh ring pokange Samud. Kaya uwis kenal suwi.
  “Jare Pak Enek lorowan.  Hang metu gok mung siji?” Abane Sorik ambi nulihi lare wadon hang dhengkule didemek Samud iku.
     “Ana iku ring jero kamar. Melebuwa bain wis!” abane lare wadon mau hang temune, arane Rima. Embuh aran aseli embuh aran apus-apus, Samud sing ngurus.
     “Ayo, Kang!” ejak Rima ambi mudhun teka pokange Samud aju narik tangane lan ngajak melebu kamar. Sorik kemplut uga melebu kamar sijine. Buru bain gadug lawang kamar, Sorik mandheg grek, kerana nulih lare wadon hang lungguh sedhengku ring kasur lan sendhen sakane pelanca wesi. Sorik mara edheng-edheng lan lungguh ring ngarepe.  Lare wadon iku mesesegen. Sorik metenggengen. Sing wani nyandhak pundhake lare wadon iku.
    “Aranira sapa, Dhik?”
    “Bunarawati!”
    “Umahe ring endi?”
      “Wijenan Songgon!” abane ambi mesesegen. Iluhe nderedes ngepusi pipine.
     “Sira uwis suwi megawe gedigi iki?”
      “Buru bengi iki. Isun sing ngerti jawane!”
     “Sing ngerti jawane kelendi?”
      “Isun mau digonceng lakinisun. Njujug ring umah iki, jare umahe dulure. Mari gesah suwi ambi uwong lanang tuwek mau, hang jare uwake lakinisun, aju lakinisun pamit metu sedhela, mung tuku udud. Sampek seperene iki nana njumbul maning. Isun dikongkon melebu kamar kene iki, ya aju ana Rika melebu merene iki, Isun kaget,”
   “Hem….Kurang ajar uwong lanang gedigu iku…..Gedigi bain wis….Isun sing kira ngumpuli Rika. Taping Sun jaluk Rika aja nampik,” abane Sorik kemplut ambi nggeroh esak celanane. Picis ulihe bayaran buruh ngelas soren mau dielungaken separuh. Bunarawati bingung, tangane gemeter, matane mandengi Sorik hang membit-membit kaya arep melung-melung. Tangan tengene Bunarawati dicandhak aju dikethemi picis.
     “Umah iki panggonan paran?”
     “Iki hang aran komplekan. Panggonane senuk. Rika iku diedol ning uwong lanang liya ambi lakinrika!”
     Kerungu ucape Sorik kemplut hang kaya gedigu iku, Bunarawati nangis sak anter-antere ambi kaya uwong sujud ring kasur. Sorik milu nangis.  
    “Engko kadhung lakinira marani merene, warahen wis payu. Aju gancang njaluka mulih. Isun engkisuk nak nyang Wijenan Songgon, nggoleti umahrika,” jare Sorik ambi gancang-gancang metu teka lawang mburitan hang uwis dijaga Pak Enek. Bunarawati bingung lan nekat melencat mentu teka cendhela kamar.
   “Kelendi?” takone Pak Enek.
   “Guyih…!” semaure Sorik. “Engkisuk kira-kira ana hang enoman maning?”
    “Enek…..aja kuwatir….Byek sampek jerit-jerit gedigu ak yuh!”
     Sorik sing nyemauri ucape Pak Enek. Mari salaman lan ngelungaken picis ning Pak Enek, Sorik nginthus ambi nggerundeng getun: “Isun ditinggal laki kaya gedigi rasane ati. Iki ana uwong lanang hang wis duwe rabi, diedol……Gara-gara Pak Enek, Isun metagihen…..sakat bengi iki, Isun leren……!” abane Sorik ngomong dhewek ambi melaku ring lompong-lompongan umah liyane lan sing mikir kelendi nasibe Samud. Ulan hang maune ketinggul mendhung, edheng-edheng mendhunge kesaput angin lan cahyane ulan mencorong maning.


              

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor