Garapane Lirix Al Harir
“Dhuh kembange ati, Sun udi Rika bisa dadi rabi, ati iki wis sing kanti, nganteni rasane kari suwi, mari-mari kepingin nyandhing sampek tekane pati,“ Yani uga sing kalah ngetokaken isine ati.
Lare loro padha edum-eduman, sampek lali uni bengi Yuni nangis kelaran.
Sing kerasa wis semono lawase lare loro ulihe sewo. Sing maido, toh asmara bisa marekaken jarak hang adoh, lan jaman hang dawa. Kaya-kaya sing keneng dialing-aling lan dipisah maning, welas hang diunting wis sing kathik tedheng aling-aling.
Limang taun setengah dilakoni, lare loro padha nguweni ati, sing jarang Yuni njaluk tulung ring Yani, kadhung keluwargane butuh paran-paran, Yani njenggirat tangi kepati-pati kari gati, aju mara nyang umahe Yani ambi nggawa picis kanggo nalangi.
“Adhikisun hang lencir kuning, makene ati iki sing gunjing, apatah apike dina iki Isun nyang umahrika, Sunlamar Rika ring calon mertuwa, supaya atinisun lan Rika lega,“ siji dina Yani ngomong ring Yuni kepingin ngelamar makene welase sing ana hang ngudhar sampek bubar.
“Dhuh Kakang hang Sun kudang-kudang, kesuwun Rika arep ngelamar Isun, taping Rika aja belimbing bumi lan uga aja wedi, Isun sing bakal nyulayani janji, sing kathik wis lamar-lamaran, Isun teka ulih sak ulan, Rika lan Isun bakal sesandhingan,“ Yuni ngucap janji nggawe gundha latar atine Yani.
Pitung taun wis dilakoni Yuni, dadi tekawe nggolet rejeki, urip keluwargane wis renes saiki, bisa mbangun umah, tuku sawah lan mbayari tanah hang ana ring ngarep umah. Wayahe wis Yuni mulih ngerasakaken asile dadi tekawe, kumpul anake, lan keluwargane, lan uga nyandhing impenane.
Yani ngebut nggawa sepidhah udhute, arep mapak tekane Yuni ring Bandara Belimbing Sari. Rasane ati kari sing kanti, kecaruk kembange ati hang lawas dianti-anti.
Gadug ring bandara, ring kono wis ana berayane Yuni. Yani nyalami bapak lan emake Yuni, aju nyalami beraya liyane.
Kira-kira jam pitu, kapal terbang hang teka Jakarta wis katon ndharat, aju mandheg ring bandara. Siji-siji hang nunggang padha mudhun ring ambal-ambalane kapal terbang. Sing kethip matane Yani mandeng siji-siji uwong hang melaku arep melebu ring panggone njuwut koper. Nalika ana siji lare wadon ayu, lencir kuning nganggo jilbab, melebu, emak lan bapake Yuni sakkal njerit ,“Yuni...”
Bik Rohani hang nuntun Santi, aju melayu nguber Yuni. Yuni uga melayu nguber emake lan Santi, sakkal bain nyandhak anake aju digendhong lan didhekep bareng emake. Tangise wong telu pecah, tambah maning Man Sanusi milu kembit-kembit serang girang atine, kaya-kaya sing ngereken akeh wong hang padha nyawang. Adhike Yuni lanang wadon uga milu mara lan nangis aju nggambel ring lyane, nggawe kahanan tambah rame. Sing nyalahaken, pitung taun pisah adoh kepaling, dina iki buru kecaruk maning.
Yani matane ngembung eluh, rasa atine bingung lan betuh, paran hang kudu dilakoni ring ngarepe Yuni, lyane sing weruh. Rasa welas hang wis lawas ditemuh, dina iki apatah bisa melethik wutuh, merujuk ngembang aju nguwoh bisa digayuh lan diundhuh, utawa welase manguh muluk kegawa angin puyuh.
Yani mara ring Yuni hang magih nyepleng anake, emak bapake ana ring kiwa tengene, Yuni nyalami Yani. Loro tangan hang wis limang taun setengah ketemu ring dumay iku, dina iki keturutan bisa cekelan, singset kaya-kaya sing keneng diecul padha nggayuh kekarepan. Karepe ati arep ngerangkul, taping rasa isin lan wedi hang njumbul. Mata ketemu mata, pandeng-pandengan, cangkem cep mingkem sing bisa ngomong paran-paran. Atine wong loro dhegdhegan, rasa welas hang kaling-kalingan adohe dalan lan lawase jaman, saiki wis sing ana alangan bisa adum-aduman. Ketungkul nyambung rasa, lare loro sing kerasa, akeh mata hang wada-wadanea bisa kecaruk Yuni hang wis lawas imba.
“Hem,” Man Sanusi mara-mara dhehem, nggawe Yuni lan Yani kaget sakkal ngeculaken tangane.
“Iku berayanira wis kepingin kecaruk Sira Beng, gancang salamana kana!” abane Bik Rohani ngongkon anake nyapa berayane.
“Iya Mak,” saure Yuni.
“Kang, tulung juwutena koperisun ana loro. Ana aranisun ring kono,” Yuni ngongkon Yani njuwutaken kopere ring panggon mudhune koper.
Yuni ambi nyepleng anake marani berayane hang sakat mau nganteni. Siji-siji Yuni nyalami lan meluk berayane hang padha sing serantan kepingin kecaruk Iyane. Emak lan bapake nututi ring mburine, aju kabeh padha melaku metu mara ring panggone montor diparkir.
Sakwentara Yani hang ring panggone njuwut koper, nggoleti loro kopere Yuni hang digawa teka Taiwan. Serta wis ketemu, Yani nyeret koper, digawa metu ring parkirane montor aju dilebokaken ring bagasi. Yuni lan berayane wis padha melebu ring montor, aju montore melaku mulih, yani ngintil ring mburine nggawa sepidhah udhute.
Aja takon kelendi senenge Yuni lan berayane, paran maning Santi anake Yuni hang sakat magih abang ditinggal menyang, pitung taun sing ngerasakaken welas asih teka wong hang ngelairaken Iyane, saikine bisa mawa gendhong lan pangku, uga keturutan paran penjaluke.
Wis sak ulan yuni ana ring Banyuwangi, janji hang dipatri selawase iki, Iyane sedhiya dirabi Yani. Ulan Sakban, atine Yani dhegdhegan, dina iki bakal nyandhing widadari hang di daman-daman, sing maning mung dadi angenan. Montor hang melaku nggawa rombongan, melaku edheng-edhengan, nggawe atine Yani sing serantan.
(Ana terusane)