Bengen-bengene, musuhe basa dhaerah iku tipi lan wong njaba kutha. Lah jaman saiki, musuh iku malah bisa malik dadi kancane dhewek hang kenthel ring jagat digital.

Lakune jaman saiki gancang temenan. Bengene, kepingin weruh Basa Using kudu ngindhit lan nyuwun nyang umahe Pak Hasan Ali Mangir. Saiki, AI kaya ChatGPT, Gemini, Meta AI wis ana ring kethemane awak dhewek. Lare Banyuwangi hang ana ring Jepang, hang kuliyah ring Jawa Kulon, hang lair ring perantauan, bisa takon Basa Using liwat HP.

Iki wayah emas hang durung tau ana sedurunge. Teknologi hang bengene didakwa mateni basa dhaerah, saiki malah bisa dadi peraune yaiku perau keselametan.

Naming Ana Alangane

AI iku pinter merga dipakani data. AI pinter Basa Inggris lan Basa Indonesia merga saben dina milyaran menungsa ngetik lan ngomong nganggo basa iku. AI iku meguru ring awak dhewek.

Lah, kelendi carane AI bisa pinter Basa Using, kadhung awak dhewek hang nduwe basane dhewek iki melid ngetik Basa Using ring internet.

Cacak bukaken Google Translate. Terjemahena Basa Indonesia nyang Basa Using. Paran dadine? Mesthi ngawur. Apuwa? Merga rekamane Basa Using ring internet iku sak uprit. AI dadi wuta ambi basa dhewek, dudu merga AI-ne buntu, tapi merga awak dhewek hang melid ngewani pangan.

Teka Cangkem Nyang Tulisan Digital

Mayo elihen Basa Using teka mung cangkem thok, dadi nyang tulisan digital. Mayo dadi pemberontake digital hang nganggo basa babone dhewek. Carane gampang, sing usah dadi pujangga:

Siji. Nggawe Status Nganggo Basa Using. Kadhung nggawe status Facebook, Instagram, story WA, komen TikTok, nganggo Basa Using bain. Aja wedi salah. Tulisen bain, "Isun Rika hang Sun karepena" utawa "Kelendi kabare Rika tah?". Saben aksara hang rika ketik iku arane pecak (jejak.). Jejak hang dicathet mesin.

Loro. Ajaken AI dadi kanca gesah. Mulai saiki, ajaken AI iku kanca kenthel hang sakwayah-wayah bisa dijak sinau lan gesah. "AI, paran artine 'hing'?" "Gawekena gendhingan nganggo Basa Using". Masiya AI jawabane luput, becikena. Ngomonga, "luput, hang bener iku...". Benerane rika iku dadi sekolahe AI.

Telu. Nggawe Konten Using. Nggawe pideo TikTok, Reels, meme, cerita-cerita bengen, tapi cangkeme Using. Algoritma iku pinter, Dulur. Kadhung algoritma weruh Basa Using iku rame, ditonton, dikomeni, iyane bakal nyebaraken. Basa dhewek bakal dianggep urip maning.

Aja ditinggalaken jagat digital isine mung Basa Indonesia lan Inggris. Selipaken Using ring kana.

Awak Dhewek Iki Gurune AI

Watese gampang: AI iku kaca benggala. Iyane mung mbalekaken utawa mentalaken paran hang diunggah awak dhewek.

Saya akeh wong Banyuwangi hang nganggo Basa Using ring internet, saya akeh data hang diserep mesin. Data iku bakal dadi memori. Memori iku bakal dadi pathokan.

Bayangaken bain sepuluh tahun maning. Lare cilik ring Cluring, ring Giri, ring Songgon, hang bapak emake wis sing pati bisa Usingan, lare iku kepingin weruh. Lare iku takon AI ring HP-ne: "Paran artine 'burih'?" Lan AI bisa njawab. Apuwa AI bisa? Merga dina iki, ring tahun 2026 iki, Rika lan Isun patheng nguweni pangan arupa data.

Dina iki awak dhewek hang nandur, mbesuk anak putune awak dhewek hang ngundhuh. Kadhung awak dhewek meneng bain, AI bakal selawase nganggep Basa Using iku basa liyan hang sing penting. Tapi kadhung awak dhewek rame, ubred ring donya digital nganggo basa dhewek, donya digital kepeksa bakal ngakoni: Basa Using iku magih ana lan magih urip!

Awak dhewek dudu mung hang ngomong. Awak dhewek iki hang njaga gudhang budayane Belambangan.

Aja Sampek Gaptek, Naming Aja Lali Asale

Wong Banyuwangi iku wong hang gampang adaptasi. Bisa nerima tamu bule, bisa nduwe bandara, bisa go-internasional. Tapi aja sampek pintere digital nggawe awak dhewek gaptek budayane.

Gaptek hang paling medeni dudu sing bisa nganggo HP. Gaptek hang paling medeni iku wong Using hang wis sing bisa ngajeni kanca ring lemahe dhewek.

Dadi, wekasisun kanggo kabeh wong Using, ning endi bain rika ana:

Tetep eksis. Tetep nganggo Basa Using.

Aja nyimpen Basa Using mung ring njero ati. Etokaken. Tulisen ring medsos. Enggo cekcokan, enggo sir-siran, enggo dodolan. Warahana AI. Dadekena data. Dadekena langgeng ring jaman hang saya digital iki.

Merga ring era digital iki, mati uripe dudu merga penutur pungkase mati, naming merga basa iku wis sing dicaruki maning ring Google lan ring uteke AI.

Aja Gaptek Obahen Derijine

Uripe Basa Using iku sing bakal ditentokaken ambi pemerintah utawa kurikulum thok. Tapi ditentokaken ambi deriji-derijine awak dhewek dina iki.

Donya digital dudu ancaman, iyane iku panggung hang paling wera, paling geratis, hang tau diduweni Basa Using. Panggung-e wis cemepak.

Pilihane nong rika: arep dadi penonton hang meneng bain nyawang basane dhewek ilang edheng-edheng, utawa dadi jagoan hang melung-melung ring panggung digital iku.

"Isun Wong Using, Wong Belambangan!"